Menyang kontèn

Tresnaku Neng Endi

Saka Wikisumber
Kidung Megatruh

[ 42 ]TRESNAKU NENG ENDI

Juethyaniwita 5

Rong taun luwih anggonku pacaran karo Tommy. Sedurunge pacaran karo Tommy, aku wis tau nduweni kanca sing daktersnani jenenge Dika. Dheweke grapyak lan bisa gawe swasanane dadi ora kaku. Dika pancen luwes pawongane. Dheweke bisa ngemong aku. Dika wonge ora tau milih-milih kanca, sapa wae isa cendhak karo dheweke, Salah sijine Mbak Andra kakak kelase.


Disandhingake karo Mbak Andra, aku pancen ora ana apa-apane mula Dika luwih milih dheweke. Nanging apa salah menawa aku uga bribik-bribik nyedhaki Dika. Kabeh manungsa mesti kepengin ditresnani lan nresnani, Kuwi sing dakrasakake saiki, Saben ketemu Dika, aku mung cukuparuh-aruhan waeamarga mesti krasa isin.

Saben aku weruh Dika, dheweke mesthi bareng karo Mbak Andra. Rasane atiku kaya rinujit-rujit. Anggep wae aku bocah kang lugu kang durung ana pengalaman pacaran. Nek mung "cinta monyet” wis karep. Paling-paling gandhengan wae isin. Apa meneh wani ngambung. Kaya Dika, dheweke pancen wis akeh pengalaman anggone pacaran, dadi piye tumindak lan polahe dadi ora gumun maneh, Nyambung pedhot kuwi wis masalah biyasa.

Budhal sekolah dina Setu Mbak Andra nunggoni Dika ana ing ngarep regol sekolah. Janjinedhewekearep mulih baren g-bareng. Saben bali sekolah aku bareng kancaku. Dakdhelok dheweke tansah cedhak banget karo Mbak Andra. Aku sajak meri. Dina Setu anggone akeh wong sing metu dolan utawa pacaran, aku malah ngundher ning omah. Rasane pancen sepi menawa nasibe durung ana sing “ngapeli” alias ora duwe pacar. Anggone ning omah paling mung nonton TV utawa teturon wae,

"Ealah dina Setu kok rasane mesti sepi ngene, marai mboseni," rerasanku."Ta, kowe lagi ngapa. Mrenea, Nok.""Eh, nggih Bu badhe ngersaken menapa kok nimbali kula?""Ibu mung arep ngejak kowe melu ning dhaleme Simbah!""Wonten keperluan menapa ta, Bu?” "Tilik Simbahmu wae, wis rong dina Ibu ora niliki Simbahmu.""Yen mekaten kula adusrumiyin nggih, Bu." "Nangging nek adusaja kesuwen ya, Nok. Mengko gentenan Ibu.""Lho, Ibu dereng siram, Ta?""Wis, nanging mau sawise [ 43 ]rampungan masak dadi reged meneh.” "Yes, wusanane dina Setu aku isa dolan ora ketang ning daleme Simbah."

"Kowengomongapa, Ta?"

"Mboten menapa-menapa, Bu. Namung remen mawon saged tenggeneSimbah."

"Yowis, kana gekadus!"

Bubar adus aku lan Ibu tumuju daleme Simbah. Neng kana nganti jam wolu bengi. Atiku wis ora pati gela menawa dina Setu iso lunga. Minggu esuk aku tangi jam 6 banjur mlaku-mlaku ana ing lapangan Minggiran karo Nana, kancaku SD biyen. Minggu sore, rampungan adus aku gage njadwal kanggo pelajaran dina Senin. Saben bengi aku tansah ndonga. Panjalukanku mung tumuju kanggo keluwarga lan Dika supaya dhewaekeiso tresna karoaku apa anane.

Senin esuk, aku mangkat sekolah bareng kancaku. Aku langsung mlebu kelas. Atiku deg-degan amerga ngerti-ngerti Dika ngejak ngomong.

"Ta, piye gelem ora?" ujare Dika karo mesem. "Kowe ngapa, Ta. Kae lho goleki Mbak Andra!" Aku ngerti sing saktenane, dheweke mung arep nggodha utawa guyon wae karo aku.

"Dik, mrenea sedilit!" undangane Mbak Andra"Apa, Yang," sahure Dika kanthi mesra. Krungu dheweke wangsulan kaya ngono, aku banjur nglungani. "Sapa to, Dik. kok koe sajak cedak?" pitakone Mbak Andra rada cubriya.

"Oo...kae kanca sekelasku, ngapa?"

"Yo takon wae!" Aku isih krungu omongane wopng loro kuwi sanajan raada lamat-lamat.

Wektu tansah lumaku cepet bangetanggonku wis dadi murid kelas loro SMP. Nangging sing dadi masalah ora bisa nglumpuk meneh karo kancaku amarga kelase wis beda-beda. Beda maneh lelakone Dika. Dheweke pedhot karo Mbak Andra lan sesambungan karo Mbak Kinanti. Pancen bocah kae nduweni pacar siji ketoke ora cukup. Sithik-sithik ganti. Ora malah seneng dheweke putus karo Mbak Andra, nangging kok tambah kuciwa atiku. Pangarep-arepku Dika saya cedhak marang aku, nanging malah kecanthol karo wong wadon liya. [ 44 ]“Dik, kowengapa ta kok ketoke sinis karo aku?" "Biyasa wae, sek ya, Ta!" wangsulane tansah ora kepenak dirungoake.

"Lik, ngapa ya angger aku nakoni Dika sajake kaya mangkel karo aku? "Mbokmenawa wae dheweke lagi ndhuweni masalah, dadi gampang nesu." "Oo...ya wisnek ngono."

Pancen biyen tekan seprene aku isih tresna karo Dika nanging ana sing omong menawa dheweke ora seneng karo aku. Sawijining dina, atiku krasa bungah campur bingung kok isa-isane ana kabar yen aku seneng nulisi ning papan tulis kelase Dika menawa aku tresna karo dheweke. Sapa ta sing ora isin yen digosipke kaya ngana. Dudu salahe Dika nanging uga dudu salahku. Kang salah kuwi bocah sing nulis isu kaya ngana.

Saya dinesoni Dika aku tambah ora kepenak. Pengen sajane aku njlentrehake, nanging wedine malah aku digosibke maneh. Aku mung pasrah marang Gusti Allah supayane ana pituduh sing bener. Pandongaku seprene dimirengke sing kuwasa, Seneng atiku campur lega amarga sapa sing gawe polah kuwi mau wes dak ngerteni wonge. Nanging aku ora krasa lara malah bocahe dak apiki wae supaya eling. Banjur ku ngirimi surat kanggo Dika anggone ora isa ketemu.

"Dik, saktenane aku ora tau nulisi utawa gawe pegaweyan sing marai kowe isin ngono kuwi. Muga-muga kowe isa percaya!" “Ngopo, Ta. Aku wes ora nesu kok, sori ya." "Dilalekake wae, Dik."

Wektu tansah lumaku, banjur aku ngerasa seneng amarga nduweni kanca apik ana ing kelas loro iki, sajake wis ora pati ngurusi masalahe Dika. Dek aku lara demam berdarah, kanca-kancaku pada teka lan nglipur aku. Kanca sakelasku, Tommy lan Ari wis pacaran amarga dijodhokake kanca-kancane, Nanging ora let suwe pedhot. Jebul Tommy nduweni rasa karo aku. Aku kaget banget ana sing ngandhani menawa dheweke seneng karo aku. Jarene kancane, dheweke arep “nembak” mung nunggu wektu. Durung suwe Dika lan Mbak Kinanti pedhot, dheweke gage “nembak” aku.

"Ta, kowe wis duwe pacar durung?" "Ha.. Apa, Dik. Aku durung..... ngapae?" "Gelem ora karo aku?"

"Ah, ngapa ta, Dik. Reka-reka wae!" [ 45 ]"Tenan, Ta!" Aku isih tansah durung percaya dheweke wani nembung aku, nanging omongane ora dak percaya.

"Dikaku mlebu kelas ndisik, ya." "Eehh..., Ta. Piye?"

Aku pancen tresna karo Dika nanging saiki wis kebacut seneng karo Tommy. Atiku bingung arep milih, banjur aku durung wani mangsuli Dika.

Saiki wis semester 2 aku kudu sregep sinau ora mung mikirke babagan katresnan wae. Ujian sekolah saya cedhak, aku ora krasa ketoke lagi wingi munggah kelas loro sedhilit meneh kelas telu. Saselaning anggonku mikir pelajaran, kaselip pikiran milih Dika apa Tommy. Aku durung ngerti. Sing paling penting saiki mikir sekolah banjur lagi bocah lanang.

Saben ndinane aku nyawang Tommy kae pancen bocah isinan nanging ya isa gawe wong guyu. Paling gara-garane aku sak kelas karo dhewekedadi kulina wae. Bocahe ketoke apik ora neka-neka.

Ujian wis rampung. Rapor dibagekake. Aku munggah. Seneng banget aku iso dadi kelas telu. Mlebu ana ing kelas, langsung wae aku lungguh kursi jejere Rica. Kelase dioplos meneh kaya kelas loro wingi. Saya suwe, aku saya cedhak karo kanca-kancaku. Fee.... Malah Dika barang iya katut. Wektu kuwi, Dika arep dheweke ulang taun. Dheweke pancen ora wenehi undangan amarga disengaja supaya aku dadi tamu spesial. Nek ora teka ora kepenak, nanging nek teka aku durung ngerti omahe.

Wengi kuwi ana wong ndodog lawang omahku. Jebule kanca- kancaku kang pada ngejak teka ulang tahunan. Aku dhewe isih ana njero omah.

"Mbok padha lungguh kene ndisik," ature Ibuku.

"Nggih, Bu," wangsulane bocah-boicah bebarengan.

"Arep padha neng ngendhi ta rame-rame kuwi?" pitakone Ibu. "Badhe dhateng panggenanipun Dika," wangsulane Budi. "Ana acara apa?"

"Ulang Taun, Bu."

Banjuraku metu tanpa nggawa kado.

Oraletsuwe, aku lan kanca-kancaku tekan omahe Dika. "Selamat Ulang Taun ya, Dik." [ 46 ]"Nuwun, Ta, wis gelem teka." "Nanging aku nyusul wae kadone." "Kowe isa neng kene atiku wis seneng," anggonku ngomong rada

isin.

Sajroning acara ulang taun aku weruh Tommy. Sing banjur marahi isin maneh nalika banjur diajak njoged karo Dika. Duh, tansah ora kepenak anggonku ndelokeTommy sajak mrengutweruhaku ning njoged karo Dika. Dikangeterkeaku mulih. Arep tekan ngomah dheweke takon meneh.

"Ta, piye gelem ora kowe dadi pacarku?" "Aku, piye ya tak pikir-pikir ndisik." "Wangsulane sesuk, Ta."

"Iya wis."

Dheg-dhegan campur bingung anggonku wangsulan amerga ora mung Dika wae sing dak tresnani saiki uga Tommy. Esuke pas mlebu sekolah.

"Ta, piye pelem ora?" pitakone Dika ndesek. "Iya, Dik!" "Tenan. Nuwun, ya!" dheweke katon senen 14

Dika kanyata kasengsem marang Ela Ddika pancen ora betah menawa mung duwe pacar siji. Atiku ya mangkel, Amarga kaya ngono banjur aku nyedhaki Tommy. Suwe-suwe aku lan Tommy dadi cedhak banget, ora ngelingi yen aku wes duwe pacar. Sajake ati tansah gelo ngapa mbiyen aku nampa Dika. Nalika aku lan Tommy dolan menyang omahe Anisa, aku ndhedes dheweke.

"Tom, kowe seneng pa karoaku ?"

"Apa, Ta. Iya pancen aku seneng karo kowe," wangsulane kayake isin-isin piye."Yen wis putus karo Dika, kowe gelem ora nunggu aku?" "Aku gelem, Ta." Saktenane Tommy bocahe apik. Nanging bodhoku wis milih Dikasing durung karuwan tresna marangaku,

"Tom, nuwun, ya. Kowe isa gawe aku lega ora kaya pacarku kae sing mentingke dheweke dhewe." "Ora papa, Ta, Aku ya seneng isa dolan karokowe."

Basan wis mulih pikiranku saya nglambrang, Yen Dika kae pancen wong lanang sing bagus rupane lan wis dak tresnani wiwit biyen. Menawa [ 47 ]Tommy bocahe becik, manis lan isa nentremke atiku. Saya bingung wae, mikirken masalahku iki. Esuke pas mangkat sekolahaku nakoni Dika.

"Dik, mau bengi kowe neng endhi kok ora teka neng omahku "

"Akulunga neng omahe sedulurku, wingi kan wis ngomong. Kowe kok sajak ora percaya karoaku.""Aku mung pingin mestekake wae." Ketemu Tommy ana ing kantin banjur wae ngomongi dheweke supayane ora cerita karo Dika yen mau bengi isa lunga bareng.

"Tom, janji ya aja cerita-cerita marang sapa wae mengko Dika nesoni aku.”"Beres, Ta. Kabeh dak sesidhemane kok.""Nuwun, ya."

Sesambunganku karo Dika katon romantis, nanging mung sedhela. Gela rasane, nanging kepriye meneh. Sejatine Dika mung ngapusi aku gawe alesan kanggo medhot sesambungan. Aku ngerti, iki jalaran dheweke lagi nyedhaki Ela. Let rong sasi, pas ana acara Carolusan ing sekolah, Tommy nembung aku. Sawise pentas nari banjur ketemu dheweke anaing ruang BK.

"Ta, Anu." sajak isin anggonearep ngomong.

"Ngapa, ta. Cepet arep ngomong apa.""Ta, Eee. . .""Gek ndang, Tom." Sajake Tommy dadi glagepan anggone arep omong."Ta, kowe kan putus karo Dika, gelem ora dadi pacarku?""Ya ampun, ngapae ndadak isin- isin." Batinku” “Dak trima, dak trima, Tom "" Tenane, Ta. Nuwuuuuun," ujare Tommy karo nggegem kengceng tanganku.

"Aku mulih sik wae ya karo Like."

"Dak terke pa, Ta?"

"Sakarepmu, Tom."

"Kene barang-barangmu dak gawakke."

Tresna kuwi ora mung cukup diucapake ana ing lathi nanging kudhu dirasakake ning jroning ati.

a Rr, Juwita Setyani adalah siswa SMA Stella Duce2, 4” Jalan: Dr.Sutomol6, Yogyakarta, Telepon Pn (0274) 513129.

Lair, 1 Januari 1990. Alamatomah, Minggiran MjII/ 365, Yogyakarta. Telepon 08179415672. Hobi: nari