"Tenan, Ta!" Aku isih tansah durung percaya dheweke wani nembung aku, nanging omongane ora dak percaya.
"Dikaku mlebu kelas ndisik, ya." "Eehh..., Ta. Piye?"
Aku pancen tresna karo Dika nanging saiki wis kebacut seneng karo Tommy. Atiku bingung arep milih, banjur aku durung wani mangsuli Dika.
Saiki wis semester 2 aku kudu sregep sinau ora mung mikirke babagan katresnan wae. Ujian sekolah saya cedhak, aku ora krasa ketoke lagi wingi munggah kelas loro sedhilit meneh kelas telu. Saselaning anggonku mikir pelajaran, kaselip pikiran milih Dika apa Tommy. Aku durung ngerti. Sing paling penting saiki mikir sekolah banjur lagi bocah lanang.
Saben ndinane aku nyawang Tommy kae pancen bocah isinan nanging ya isa gawe wong guyu. Paling gara-garane aku sak kelas karo dhewekedadi kulina wae. Bocahe ketoke apik ora neka-neka.
Ujian wis rampung. Rapor dibagekake. Aku munggah. Seneng banget aku iso dadi kelas telu. Mlebu ana ing kelas, langsung wae aku lungguh kursi jejere Rica. Kelase dioplos meneh kaya kelas loro wingi. Saya suwe, aku saya cedhak karo kanca-kancaku. Fee.... Malah Dika barang iya katut. Wektu kuwi, Dika arep dheweke ulang taun. Dheweke pancen ora wenehi undangan amarga disengaja supaya aku dadi tamu spesial. Nek ora teka ora kepenak, nanging nek teka aku durung ngerti omahe.
Wengi kuwi ana wong ndodog lawang omahku. Jebule kanca- kancaku kang pada ngejak teka ulang tahunan. Aku dhewe isih ana njero omah.
"Mbok padha lungguh kene ndisik," ature Ibuku.
"Nggih, Bu," wangsulane bocah-boicah bebarengan.
"Arep padha neng ngendhi ta rame-rame kuwi?" pitakone Ibu. "Badhe dhateng panggenanipun Dika," wangsulane Budi. "Ana acara apa?"
"Ulang Taun, Bu."
Banjuraku metu tanpa nggawa kado.
Oraletsuwe, aku lan kanca-kancaku tekan omahe Dika. "Selamat Ulang Taun ya, Dik."