Tresna Dhuwina

Saka Wikisumber
Murkane Ibu

[ 8 ]Tresna Dhuwina (Tresna Merga Dhuwite Ana)

Wilestari SMK YPKK 1 Bendungan, Wates

kd

Gawijining dina, ing desa Mangkubumi, ana kadadean ana sa-

ggaling kulawarga kang lagi padudon. Pak Rudi kang lagi mutung merga kalah anggone adu pitiknjur menthung sirahe bojone sing jenenge Hasnah. Anggone menthungi bojone nganti metu getihe. Ilining getih kuwi agawe ngenesing atine Bu Hasnah.

“Bu, rasakna laraku, rasakma anggonku kalah mau. Kabeh kuwi merga kowe ora pantes dadi bojoku!” Bu Hasnah kang kaget banjur mangkat.

“Bu, kana lunga aku wis ora butuh!

Bu Hasnah ora ngira yen bojone tega milarani dheweke. Bojo kang dianggep ngenakake ati, benerlakune, lan isa dadi panutaning kulawarga, jebulane malah gumedhe lan seneng mara tangan. Bu Hasnah kang kelara-lara banjur lunga ana ing Puskesmas.

“Dhok, pripun menapa wonten kang mbebayani tatu ing sirah kula menika?”

“Oh, mboten. Ibu namung tatu sekedik. Niki resepipun, obate diunjuk kanti rutin.”

Bu Hasnah banjur mulih. Nanging ana ing pinggir dalan. Bu Hasnah lingguh banjur ngalamun. Yen ngelingi jaman biyen sak du- runge Bu Hasnah duwe bojo, kulawargane Bu Hasnah iku kagolong kulawarga kang sugih lan ora gumedhe. Sakliyane kuwi, Bu Hasnah uga wong wadon kangsumeh, bener lakune, sabar, lan bekti marang wong tuwane. Kosok baline, kulawargane Pak Rudi kagolong kula- warga kang susah, manggon ana ing papan pakiwan, kayata kan-

pr

8 = Antologi Crata Cekak ee. [ 9 ]dang kemul mega. Kejaba kuwi Pak Rudi mung ngekep dhengkul wae, ora tau nyambut gawe. Nanging Pak Rudi ora kemaki.

Pak Rudi ketemu sepisanan karo Bu Hasnah ana ing pagelaran Campursari. Wektu iku Bu Hasnah kang lagi kelangan dhompet banjur bingung. Jebulna dhompete kuwi dicopet. Pak Rudi kang meruhi kedadean kuwi banjur ngoyak copete, ora peduli yen awake dhewe bakal cilaka. Amarga nubruk watu tembok lan dikruyuk kanca-kancane copet kuwi mau. Kanthi awak, rai, lan tangan biru-biru merga nubruk watu lan dipenthungi, Pak Rudi menehake dhompete marang Bu Hasnah kanthi ati kang bungah lan sumringah kaya ora krasa yen awake lagi ngrasakake lara.

“Mbak, niki dhompete, muga-muga taksih utuh!”

“Wah, nuwun nggih, Mas. Alhamdulillah dhompetku mbalik meneh!”

“Nggih Mbak., O, Nggih, ndherek tepang Mbak asmane sinten? Kula Rudi.” kandhane Pak Rudi.

“Anu..., Mas. Kula..., kula Hasnah.” wangsulane Bu Hasnah wektu semono.

Pak Rudi njur kepencut karo Bu Hasnah wong wadon kang sumeh tur sugih kuwi. Tanpa rasa kuwatir lan sumelang.

“Dhik, aku tresa marang sliramu, lan esemu ngresepake atiku.” kandhane Pak Rudi.

“Ah, Mas aja ngono, aja mung kakeyan ngrayu, apa buktine yen Sampeyan pancen tresna karo aku?” Bu Hasnah wangsulan karo mesem.

Bubar wis nikah, sipate Pak Rudi banjur owah. Dheweke banjur cupet atine lan yen nesu senenge mung milarani Bu Hasnah, ngadu jago, piring-piring padha dipecahi, yen Bu Hasnah anggone olah-olah ora cocok ya ditumplek. Sak liyane kuwi Pak Rudi uga nista patrape.

“Pak, wis ta anggone Bapak ngadu jago kuwi!”

“Alaaaah..., Bu ora usah sulaya, senadyan kowe bojoku, kowe ora duwe hak nglarang aku.” kandhane Pak Rudi karo gebrak meja njur lunga.

Bu Hasnah mung bisa ngelus dhadha.

Kedadeyan kuwi banjur oramung pisan pindho, nanging meh saben dina nganti Pak Rudi lan Bu Hasnah duwe anak loro. Nanging Pak Rudi ora gelem ninggalake panggonan ngadu jago. [ 10 ]“Pak, apa Sampeyan ora isa ninggalake panggonan ngadu jago kae, wong lanang kok mung ngekep dhengkul!”

“Bu, isa meneng ora lambemu! Anggepmu aku iki nikah karo kowe merga apa? Ngertiya ya, aku gelem dadi bojomu kuwi..., merga dhuwit! Tresnaku karo kowe kuwi mung tresna dhuwina, alias tresna merga dhuwite ana. Mulane pikiren Bu, pikiren!”

Bu Hasnah banjur eling saka ngalamune. Sak uwise kuwi Bu Hasnah ora bali, nanging lunga ing daleme ibune.

“O, alaaaah Ndhuk, nasibmu kok le nelangsa, biyen rak wis tak kandhani yen aja gelem dadi sisihane Rudi, cah kere kang nganggur, bocah kang ora duwe welas asih, lan bocah kang seneng gawe rekasaning liyan kae!”

“Bu, sampun Bu. Kula sak niki banjur kudu kepripun?”

“Ngene ya Ndhuk, gandheng kadadeyan iki wis klakon, saiki isane ya kowe mung sing sabar wae, yen pancen bojomu tresna karo kowe ora merga bandha utawa tresna dhuwina. Mengko bojomu ya bakal eling yen tumindake kuwi ora becik.”

Bu Hasnah banjur mulih. Ing dalan dheweke mikir, muga-muga yen wis tekan ngomah Pak Rudi wis ora nesu-nesu kaya biyen rikala isih manten anyar. Nanging ora ngira lan nyana, yen tekan ngomah Bu Hasnah bakal meruhi kalakuane bojone kang ora ngenaki mata, pikiran, lan jantung. Bu Hasnah kaya mlebu neraka kanthi geni mongah-mongah lan atine kaya diiris-iris ngan ggo arit kang landhep bar diasah. Pak Rudi ing ngomah jebulane nggawa wong wadon kang ora cetha asal-usule. Apa nemu ing dalan? Apa pancen sengaja golek?

Bu Hasnah banjur mumet sirahe. Dheweke njupuk ariting pawon. Bu Hasnah kang panas atine kuwi ngomong sak karepe dhewe.

“Pak...! Apa kelakuanmu kuwi pantes lan apik yen diconto anak-anakmu?”

“Bu, kowe kuwi saka ngendi, apa ora eling saiki wis jam pira? Pancen bener kowe kuwi bojo kang ora migunani!”

Bu Hasnah kang kaget karo ucapane sing lanang banjur saya teteg anggone arep nggunakake arite kuwi. Pak Rudi kang lagi mabuk katresnan ora sadhar yen Bu Hasnah nggawa arit kang bisa wae mateni dheweke. Bu Hasnah nyeraki bojone karo nggenggem arit sing wis siap kanggo mateni Pak Rudi.

“Pak, kowe tega tenan karo aku lan anak-anakmu. Dhak pateni kowe. Aku wis sayah-sayah nyambut gawe jungkir walik kanggo [ 11 ]nerusake uripe awake dhewe, nanging Sampeyan malah nglarani jiwa ragaku, mati kowe, Pak!” omong kaya mangkono, Bu Hasnah banjur arep nuncepake arit sing ana tangane. Nanging, sadurunge arit kang landhep tumancep ing gulune Pak Rudi. Pak Rudi isa ngendhani lan mlayu ngeplas tanpa tujuwan kang jelas. Weruh Pak Rudi mlayu, Bu Hasnah banjur ngoyak Pak Rudi nganti tumeka ana ing sapinggire jurang. Tanpa dipikir maneh, dhasar pikirane Bu Hasnah lagi kalap amerga dilarani atine, Bu Hasnah banjur mbabat gulune Pak Rudi.

“Bu..., gu... gu... lu... ku. Adhuuuah...,gu... lu... ku..., Bu!” sambate Pak Rudi karo ngampet lara. Pak Rudi sempoyongan.

Kanthi getih kang mili, Pak Rudi sempoyongan ana ing pinggir jurang, gandheng saya sempoyongan, wusanane Pak Rudi kucemplung jurang lan mati sanalika kanthi getih kang mili ana ing sak kabehing awak.

“Pak, awakmu saiki wis mati lan ora bakal milarani aku lan anakmu maneh. Ha..., ha....!!” Bu Hasnah malah ngguyu ngakak weruh Pak Rudi tiba ana jurang lan mati.

Bu Hasnah banjur lunga ninggalake mayite bojone kang ana ing ngisor jurang kanthi ati kang seneng lan lega. Dheweke ora duwe rasa kaya ora ana kedadean apa-apa. Nanging, ibune Bu Hasnah atine krasa ora kepenak lan duwe pangrasa kaya ana kang nyalawadi saka raine anake kuwi.

“Ndhuk, kowe kuwi kena apa kok sajak judheg tur sajak bingung ora kaya biasane?” pitakone ibune Bu Hasnah.

“Bu, atiku wis ora kuwat maneh. Dakkandhani ya Bu, aku iki mau nembe wae mateni bajingan kae, sapa bu? Rudi kae lo Bu!. Pancen bener Bu, Rudi wis tak pateni!”

Ibune Bu Hasnah kaget banget krungu anake omong menawa mentas wae mateni bojone. Pancen bener sebab ana ing tangane anake nggawa arit kang gupak getih.

Wis ana seminggu luwih anggone Pak Rudi seda. Nanging Bu Hasnah malah kaya wong ora waras. Dheweke saben dina mung omong-omongan dhewe lan ngguya-ngguyu dhewe.

“Ha... ha... ha... Bapak tak pateni!, bojoku wis dakpateni! Ha...ha...ha!.”

“Sabar ya Ndhuk, pancen jodhomu mung semene umure lan aku ya mangerteni menawa bojomu kae gelem nikah karo kowe [ 12 ]mung merga ana dhuwite utawa tresna dhu wina.” pituture ibune Bu Hasnah.

Bu Hasnah banjur lunga, dheweke sajak bingung. Esuke, kaya sabendinane, anake Bu Hasnah arep budhal sekolah. Ananging anake kaget banget weruh ibune nggantung ana ing lawang. Bu Hasnah nggantung merga ora kuat anggone mendhem nasibe dhewe. Wis dhuwite ludhes merga sing lanang, anake ora diurusi, dheweke nelangsa, pokoke kabeh kahanan kuwi merga sing lanang. Dheweke pancen ngira yen bojone kuwi tresna temenan, nanging mung tresna dhuwina. Dheweke ora ngira yen merga tresna dhuwina. kuwi bakal nelangsa lan pancen bener pituture ibune, yen tresna dhuwina iku bakal gawe nelangsa ing donya uga ing akerat.

Saiki ibune Bu Hasnah banjur kudu ngurusi putu-putune kang isih cilik-clik. Kanthi rekasa lan nelangsa merga tumindake mantu kang ora guna, mung meres mara tua lan agawe kelara-lara.

“Dasar mantu ora guna, yen aku ngerti wiwit biyen kowe ora tresna tenan marang anakku, lan mung tresna dhuwina alias tresna merga ana dhuwite, wis takpateni wiwit biyen-biyen!” guneme ibune Bu Hasnah.

***

Wilestari, lair ing Purworejo, 28 Asustus 1992, siswa SMK PYKK 1 Wates, Kulon Progo, agama Islam, mapan ing Bugel, Panjatan, Kulon Progo, nduweni kesenengan maca novel.