Kaca:Murkane Ibu.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

dang kemul mega. Kejaba kuwi Pak Rudi mung ngekep dhengkul wae, ora tau nyambut gawe. Nanging Pak Rudi ora kemaki.

Pak Rudi ketemu sepisanan karo Bu Hasnah ana ing pagelaran Campursari. Wektu iku Bu Hasnah kang lagi kelangan dhompet banjur bingung. Jebulna dhompete kuwi dicopet. Pak Rudi kang meruhi kedadean kuwi banjur ngoyak copete, ora peduli yen awake dhewe bakal cilaka. Amarga nubruk watu tembok lan dikruyuk kanca-kancane copet kuwi mau. Kanthi awak, rai, lan tangan biru-biru merga nubruk watu lan dipenthungi, Pak Rudi menehake dhompete marang Bu Hasnah kanthi ati kang bungah lan sumringah kaya ora krasa yen awake lagi ngrasakake lara.

“Mbak, niki dhompete, muga-muga taksih utuh!”

“Wah, nuwun nggih, Mas. Alhamdulillah dhompetku mbalik meneh!”

“Nggih Mbak., O, Nggih, ndherek tepang Mbak asmane sinten? Kula Rudi.” kandhane Pak Rudi.

“Anu..., Mas. Kula..., kula Hasnah.” wangsulane Bu Hasnah wektu semono.

Pak Rudi njur kepencut karo Bu Hasnah wong wadon kang sumeh tur sugih kuwi. Tanpa rasa kuwatir lan sumelang.

“Dhik, aku tresa marang sliramu, lan esemu ngresepake atiku.” kandhane Pak Rudi.

“Ah, Mas aja ngono, aja mung kakeyan ngrayu, apa buktine yen Sampeyan pancen tresna karo aku?” Bu Hasnah wangsulan karo mesem.

Bubar wis nikah, sipate Pak Rudi banjur owah. Dheweke banjur cupet atine lan yen nesu senenge mung milarani Bu Hasnah, ngadu jago, piring-piring padha dipecahi, yen Bu Hasnah anggone olah-olah ora cocok ya ditumplek. Sak liyane kuwi Pak Rudi uga nista patrape.

“Pak, wis ta anggone Bapak ngadu jago kuwi!”

“Alaaaah..., Bu ora usah sulaya, senadyan kowe bojoku, kowe ora duwe hak nglarang aku.” kandhane Pak Rudi karo gebrak meja njur lunga.

Bu Hasnah mung bisa ngelus dhadha.

Kedadeyan kuwi banjur oramung pisan pindho, nanging meh saben dina nganti Pak Rudi lan Bu Hasnah duwe anak loro. Nanging Pak Rudi ora gelem ninggalake panggonan ngadu jago.

“Murkane Ibu”

9