Tata prunggu

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

[ 330 ]

꧋ꦮꦮꦱꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂ​ꦤꦸꦂ​ꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀꧈​ꦧꦧ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦱꦸꦩꦠꦿꦃ​ꦱꦶꦱꦶꦃ​ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧉​

꧋ꦲꦶꦁ​ꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦮꦱꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂ​ꦤꦸꦂ​ꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦠꦸꦂ​​ꦝꦸꦩꦠꦼꦁ​ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦼꦂ​ꦗꦗꦲꦤ꧀​꧌ꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦼꦂ​ꦮ꦳ꦤ꧀ꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦤꦶꦪꦼꦤ꧀꧍​ꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦱꦫꦺꦃ​ꦤꦶꦁ​ꦏꦼꦥꦚ꧀ꦗꦔꦼꦤ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦲꦸꦏꦥꦕꦏꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦶꦤꦩꦸꦁ​ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦮꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁ​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​

꧋ꦏꦭꦠꦁ​ꦒꦭ꧀꧇꧔꧇​ꦩꦉꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦥꦼꦁ​ꦏꦼꦂ​ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ​ꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦱꦸꦩꦠꦿꦃ​꧈​ꦲꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦮꦲꦸꦔꦠꦸꦫꦶꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦮꦱꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦝꦠꦼꦁ​​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦼꦂ​ꦗꦗꦲꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦱꦫꦺꦃ​ꦤꦶꦁ​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦤꦩꦸꦁ​ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦏꦼꦠꦿꦔꦤ꧀ꦏꦼꦠꦿꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦚꦼꦏꦥꦶꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦤꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦊꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀ꦮꦂ​ꦤꦶꦮꦂ​ꦤꦶꦲꦶꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦱꦸꦩꦠꦿꦃ​ꦱꦶꦱꦶꦃ​ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧉​ꦲꦼꦮꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦏꦼꦔꦶꦁ​ꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦩꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦗꦮꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦔꦸꦤꦶꦁ​ꦔꦤꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦲꦸꦒꦶꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦫꦥꦔꦒꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏ꧈​ꦥꦫꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦭꦤ꧀ꦥꦫꦥꦂ​ꦠꦶꦏꦸꦭꦶꦂ​꧉​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦱꦸꦩꦠꦿꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦼꦩꦸꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦧꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦱꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁ​ꦭꦗꦼꦁ​ꦤꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦠꦏꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦠꦼꦝꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦠꦤꦃ​ꦠꦤꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦏꦶꦮꦲꦸ꧉​ꦥꦶꦠꦏꦼꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦩꦶꦭꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦥꦔꦒꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏ꧈​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦩꦭꦶꦃ​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦒꦸꦥꦼꦂ​ꦤꦸꦂ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦕꦶꦃ​꧈​ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦲꦒꦼꦁ​ꦒꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦼꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦧꦝꦼꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦮꦺꦴꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦲꦼꦮꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦔꦶꦁ​ꦏꦠꦼꦩ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦶꦕꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦥꦩꦤꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦩꦉꦤ꧀ꦠꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦩꦸꦁ​ꦲꦩꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃ​ꦗꦮꦶꦭꦤ꧀ꦩꦢꦸꦫ꧉​

꧋ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦱꦏ꧀ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦉꦤꦲꦶꦁ​ꦥꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦢꦼꦤꦼꦏꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦲꦸꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦸꦤꦶꦔꦤꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦫꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦿꦗꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦱꦏ꧀ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦉꦤꦲꦶꦁ​ꦥꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦲꦸꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦸꦤꦶꦔꦤꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦫꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦿꦗꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦼꦩꦼ​ [ 331 ]ꦤ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦸꦮꦗꦶꦧꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦥꦫꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦱꦩꦶꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦕꦶꦏꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦢꦩꦼꦭ꧀꧉​ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦲꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦫꦒꦂ​ꦮꦤꦶꦁ​​ꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦧꦺꦭꦲꦶꦁ​ꦢꦩꦼꦭ꧀꧉​

꧋ꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦠꦼꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦼꦂ​ꦗꦗꦲꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦩꦠꦿꦃ​ꦱꦶꦱꦶꦃ​ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀꧉​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦏꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦼꦒꦼꦂ​ꦫꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦠꦶꦮꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦩꦤꦮꦶꦏꦩꦤꦃ​ꦥꦚ꧀ꦗꦁ​꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦲꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦠꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦒꦼꦂ​ꦫꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦲꦸꦩ꧀ꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ꦲꦔꦩ꧀ꦧꦿꦲꦩ꧀ꦧꦿ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦥꦫꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦿꦗꦱꦲꦥꦸꦭꦶꦱꦶꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦽꦒꦼꦩ꧀꧈​ꦱꦲꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦉꦉꦱꦃ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦏꦺꦴꦤꦔꦤ꧀ꦱꦲꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦱꦶꦁ​ꦏꦶꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃ​ꦥꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦮꦲꦸ꧈​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦮꦫꦶꦥꦫꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦤꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦧꦼꦧꦪꦧꦼꦧꦪꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦔꦶꦮꦲꦸ꧈​ꦱꦲꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦏꦏꦸꦮꦲꦺꦴꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦉꦤ꧀ꦠꦃ​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦲꦗꦼꦒ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦪꦮꦼꦮꦃ​꧉​ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦚꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦩꦉꦤ꧀ꦠꦃ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦶꦏꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁ​ꦔꦤ꧀ꦱꦲꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦤꦶꦁ​ꦱꦶꦠꦶꦱꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦠꦤ꧀ꦝꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦒꦼꦒꦼꦝꦸꦒ꧀ꦒꦶꦁ​ꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ꦤꦩ꧇​ꦱꦶꦥꦠꦼꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦼꦗꦃ​ꦲꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦱꦩꦶꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦶꦱ꧀ꦠꦲꦒꦼꦁ​ꦲꦒꦼꦁ​ꦔꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦤꦁ​ꦏꦲꦔꦸꦂ​ꦩꦠꦶꦮꦺꦴꦲꦶꦁ​ꦥꦔꦽꦏꦢꦪꦤꦶꦁ​ꦥꦩꦉꦤ꧀ꦠꦃ​꧈​ꦲꦤꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱ꧀ꦉꦉꦱꦃ​ꦮꦲꦸ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦥꦚ꧀ꦗꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦁ​ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦏꦼꦢꦃ​ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦏꦭꦗꦼꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀꧉​ꦥꦫꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦉꦉꦱꦃ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦏꦕꦼꦥꦼꦁ​ꦱꦲꦏꦱꦶꦁ​ꦏꦶꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦏꦭꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦥꦼꦫꦺꦤ꧀ꦱꦶꦲꦶꦁ​ꦥꦺꦴꦂ​ꦝꦼꦏꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦥꦫꦥꦔꦒꦼꦁ​ꦥꦔꦒꦼꦁ​ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦿꦗꦱꦩꦶꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦏꦠꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦭꦶꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦧꦮꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦮꦁ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦭꦶꦃ​꧈​ꦱꦲꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦂ​ꦭꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦮꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦼꦧꦝꦼꦠꦸꦮꦸꦃ​ꦒꦼꦒꦼꦫꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ​꧉​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦝꦮꦸꦃ​ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀꧈​ꦲꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦉꦱꦶꦝꦺꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦉꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦝꦠꦂ​꧈​ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦏꦂ​ꦱꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦤꦼꦩ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦼꦱꦶꦠꦶꦧꦮꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦲꦔꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦧꦒꦶꦪꦤꦶꦁ​ꦲꦥ꧀ꦝꦺꦭꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸ꧌ꦲꦶꦁ​ꦱꦶꦭꦸꦁ​ꦏꦁ​꧍​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦗꦮꦶꦏꦸꦭꦶꦤꦩꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ​ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ​꧈​ꦲꦸꦒꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦏꦼꦚ꧀ꦕꦼꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦼꦁ​ꦒꦺꦤꦶꦲꦢꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦮꦲꦸꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦉꦉꦱꦃ​꧉​

꧋ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦁ​ꦒꦼꦤꦤ꧀ꦥꦁ​ꦒꦼꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦏꦠꦿꦗꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦼꦒꦼꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦥꦝꦁ​꧈​ꦱꦺꦴꦭꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦱꦮꦃ​ꦭꦸꦤ꧀ꦠ꧈​ꦥꦺꦴꦂ​ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦏꦥꦺꦊꦤ꧀꧈​ꦥꦝꦁ​ꦥꦚ꧀ꦗꦁ​꧈​ꦥꦺꦴꦂ​ꦝꦼꦏꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦥꦪꦏꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴ꧈​ꦭꦸꦧꦸꦏ꧀ꦱꦶꦏꦥꦶꦁ​ꦭꦤ꧀ꦧꦲꦺꦴ꧈​ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦤꦶꦠꦶꦃ​ꦲꦺꦴꦠꦺꦴꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦮꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦸꦤꦶꦁ​ꦔꦤꦶꦲꦸꦤ꧀ꦠꦧ꧀ꦧꦶꦁ​ꦥꦫꦏꦮꦸꦭ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦗꦭꦫꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦛ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦂ​ꦱꦲꦩꦶꦒꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧉​

꧋꧌ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧍​​​​

Latin[besut]

Pancènipun kirang mungguh kalawarti Kajawèn punika dipun isèni karangan bab tataprunggu, ananging kawuningana: wontên sadhèrèk guru kintun sêrat dhatêng rêdhaksi Bale Pustaka, gadhah panêdha supados rêdhaksi nêrangakên bab tataprunggu wontên ing Sri Poestaka, jalaran sadhèrèk guru wau botên ngrêtos ingkang dipun wastani tataprunggu, sampun rêmbagan kalihan kănca-kancanipun guru mêksa botên angsal damêl, măngka kêpêksa mulangakên. Ingkang punika rêdhaksi manah prêlu mituruti panêdhanipun sadhèrèk guru wau, ananging katimbang andharan bab tataprunggu punika kapacak wontên ing Sri Poestaka, aluwung wontên ing Kajawèn ngriki, awit Sri Poestaka, punika kalawarti basa Mlayu, dados bab tataprunggu wau dede mêsthinipun karêmbag wontên ing ngriku.

Sajatosipun ingkang pitakèn bab tataprunggu punika sampun kathah, ing sêrat kabar Sêdyatama inggih sampun nate wontên karangan ingkang nglairakên pitakèn bab makatên wau, ananging sasumêrêp kula dèrèng wontên wangsulan ingkang gumathok, bokmanawi kemawon sagêd dhatêng ingkang kajibah mangsuli, inggih punika kumisi bab kasusastran Jawi ing Srêwêdari. Ing sadèrèngipun wontên katêrangan saking kumisi kasusastran punika mêsthi kemawon tiyang-tiyang dèrèng sumêrêp patitis dhatêng bab tataprunggu wau, sagêdipun namung dugi-dugi awêwaton pamanggih ingkang kêlimrah ing sadèrèngipun wontên pêpathokan enggal bab kasusastran Jawi kados ingkang kadhawuhakên samangke punika. Dados pamanggih ing ngandhap punika dèrèng kenging dipun ugêmi lêrêsipun, namung lumayan kangge ambalabari ing sadèrèngipun wontên wangsulanipun ingkang wajib.

Nama: tataprunggu, punika ing sasumêrêp kula wontên ing tanah guprêmenan botên kêlimrah, jalaran Sêrat Paramasastra ingkang limrah kangge ugi botên nyêbutakên, mila botên anggumunakên manawi para guru kathah ingkang sami botên mangrêtos. Dados kintên-kintên ingkang nganggèkakên nama tataprunggu wau namung bangsaning Sêrat Paramasastra wêdalan tanah Kajawèn, bakunipun ing Surakarta. Wontên ing sêrat-sêrat utawi ing pangandikan, kula inggih dèrèng nate mrêgoki utawi mirêng bab têgêsing nama tataprunggu wau. Ing bausastra T. Roorda sarta K.F. Winter, nama: tataprunggu wau inggih botên wontên. Saking pamanggih kula piyambak, têgêsipun nama: tataprunggu, tataning rêrênggan, tataning pangrêngga, tataning pasrèn. Mênggah têrangipun makatên: tata = aturan, pranatan. Têmbung: prunggu = ing ngriku pakèwêd anggèn kula badhe nêgêsi, jalaran ing sasumêrêp kula, prunggu: punika namaning campuranipun têmbaga kalihan jasat sanès, sèng utawi timah, panunggilanipun ingkang kawastanan brons ing băngsa Walandi, warninipun inggih kados têmbaga. Ananging têgêsipun têmbung prunggu: ingkang makatên wau wontên ingkang nama: tataprunggu: botên sagêd mantuk. Mila saking pangintên kula, prunggu: wau mêsthinipun kêlanturing têmbung: parunggu = pa + runggu. Têmbung runggu: punika miturut Sêrat Bausastra sami kalihan: runggwa, runggya, têgêsipun warni-warni, saking pamanggih kula namung satunggal ingkang sagêd mantuk wontên ing nama: tataprunggu, inggih punika: rêngga. Dados kajênging nama: tataprunggu: punika kintên-kintên: tataning pangrêngga, tataning pasrèn, ananging: pangrêngga, utawi: pasrèn, ing nama punika bokmanawi kemawon ingkang dipun kajêngakên: pangrêngga utawi pasrèn ingkang minăngka pakurmatan. Tandhanipun ungêl-ungêlan: kangge wontên ing tataprunggu: dipun têgêsi: kangge pakurmatan (wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi sastra Jawi miturut putusan parêpatan kumisi kasusastran ing Sriwêdari kaca 12 bab X ada-ada 1):

Miturut sêrat wêwaton ingkang mêntas kula sêbutakên punika, aksara murda kengingipun kangge namung wontên ing tataprunggu, dados namung kangge pakurmatan. Sabên tiyang sampun ngrêtos ingkang dipun wastani pakurmatan, inggih punika pratăndha ingkang kangge nelakakên pangaji-ajining manah dhatêng tiyang sanès miturut tatakrama. Dados panganggenipun aksara murda miturut sêrat wêwaton wau, saking pamanggih kula namung manut watoning tatakrama balêjêd, pundi ingkang wajib dipun kurmati inggih kasêrat mawi aksara murda. Ingkang punika manawi badhe lêrês panganggenipun aksara murda, inggih kêdah dhamang sêsêrêpanipun dhatêng unggah-ungguhing tatakrama. Sêrat Tatasastra (pathokaning panyêrat saking pamoripun piwulang paramasastra, wyakarana, grammatica sarta paramabasa) wêdalan Surakarta nêrangakên, bilih tataprunggu punika sami-sami kalêbêt angèl piyambak pamathokipun, jalaran unggah-ungguhing tatakrama punika prasasat botên wontên andhêgipun, awit sanadyan priyantun ingkang sampun agêng inggih taksih wontên ingkang ngungkuli agêngipun malih, samantên ugi kosokwangsulipun, ingkang dipun wastani alit sagêd dados agêng jalaran wontên ingkang langkung alit malih.

Dados panganggenipun aksara murda miturut tataprunggu punika têrang botên gampil, ananging inggih kenging dipun ancêr-ancêri sawatawis makatên: ingkang wajib kasêrat ngangge aksara murda punika ingkang wajib angsal pakurmatan, kados ta: sêsêbutan sarta asmanipun ingkang wajib dipun ajèni. Ananging botên sadaya ingkang wajib dipun ajèni wau botên[1] mêsthi wajib angsal pakurmatan, jalaran manawi ingkang wajib dipun ajèni punika kathah, ingkang wajib angsal pakurmatan namung ingkang luhur-luhur kemawon, malah ingkang wajib angsal pakurmatan jangkêp namung satunggal ingkang luhur piyambak, manawi wênang sinêmbah inggih angsal sêmbah miyambaki. Upaminipun kintun sêrat dhatêng lêlurah, punika asmaning lêlurah wau wajib kasêrat ngangge aksara murda, sarta sêsêbutanipun, manawi sakintên pantês inggih kasêrat ngangge aksara murda ugi, dene sêsêbutan sarta namanipun piyambak kêdah kasêrat ngangge aksara alit. Manawi kintun sêrat dhatêng tiyang sangandhapipun, punika mawi mawang-mawang. Yèn ingkang dipun kintuni punika prêlu dipun ajèni utawi dipun taklimi, sêsêbutan utawi namanipun inggih pantês kasêrat ngangge aksara murda. Upami nyariyosakên tiyang wontên ing sêrat utawi karangan, manawi tiyang punika pantês dipun kurmati dhatêng ingkang kintun sarta tampi sêrat, sêsêbutan tuwin asmanipun ingkang kacariyosakên punika wajib kasêrat ngangge aksara murda. Ananging manawi ingkang kacariyosakên punika kathah, ingkang mêsthi angsal pakurmatan aksara murda namung satunggal ingkang luhur piyambak.

Tuladha: Kula ngaturi priksa dhatêng kangmas Mantri Arjadarsana sakalihan, bilih benjing dintên Rêbo Pon tanggal 2 wulan punika kula gadhah kajat badhe nyunatakên ingkang putra anak kula èstri pun gêndhuk Sudarmi.

Kula tampi wêlingipun ingkang rama kangmas Patih Praja Pusara, benjing dintên Ngahad ngajêng punika ingkang raka Radèn Mas Asistèn Prajasuwignya katimbalan dhatêng Têmanggung.

Sarêng mantri pulisi kitha Radèn Mas Sujana tampi palapuraning lurah, enggal-enggal dandos sarta sowan dhatêng ingkang raka Radèn Mas Wadana Nitipura.

Ingkang sowan ing kabupatèn pêpak: Radèn Prajapusara: patih, Radèn Mas Nitipura: wadana, Radèn Rêksaardana: kolèktur, Radèn Mas Prajasuwignya: asistèn wadana, Radèn Mas Sujana: mantri pulisi. Sarêng Kangjêng Bupati miyos saking dalêm, ingkang sami sowan lajêng sami ngadêg saking kursi ngaturi urmat.

Makatên pamanggih kula bab panganggenipun aksara murda miturut tataprunggu, ananging lêrês lêpatipun prayogi ngêntosi katêrangan saking kumisi kasusastran ing Sriwêdari.