Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 77

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 077/

1. pun raden udakawimba kados rinujid ; kengetan sarirani
2. pun ; ḍumawah ing papa sande ; dados gegaḍanganing satriya ing
3. kang binaḍé raja ; ing wanci bakda sembahyang isa ; nilapaken ingkang rama kesah nenepi ḍateng ing redi ; kados sabe
4. nnipun ; nuju wulan purnama ; hyang sitaresmi katawang ing imalaya nipis ; rumemeng katingal lumampah baḍé oncat saking pepeteng ;

lintang lintang sami surem sorodipun ; kados déning kenyaring sasangka rudatos angemu susah ; lampahing raden udakawimba dumugi sukuning redi kenaka ; wontĕn guwanipun panepen ; angongkang jurang ; angubengi redi ; redi kenaka ; boten patos ageng nanging mengger antawis namung saepal mubeng ; lambunging redi ingkang sisih kidul ; medal toyanipun ; lajĕng mili mangilen ; angoncori sesabinan ing sumbereja ; ingkang ier ; kaleṭekan jurang abambing ; raden saré wontĕn ing guwa ; alemek ron palasa aking ; akajang sirah ; tugelan kajeng sempu ; sadalu ainerem melik boten saged sare ; ngantos meh gagad enjing ; boten amanoni utawi boten angsal sasmita punapa punapa ; kaken galihipun ; lajĕng saré pisan ; wanci byar hyang aruna ; nyorodi lawanging guwa ;