Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 73

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 073/

salallah hu ngalaihi wassalam, dwi tegesé wong mupti ; sajatining islam, wallahu karibuna, yeku min kibaril warid ; allah rokelan, lap unggyan kang winadi ; kong ingaran sarengat iku sembahyang ; in nut raking nagarf, tawkat tetanya, saps ingkang sinembah ; lap opa patat mestah ; hagnyaning pnij  ; a, ywa kongsi balah dalih ; dé hakekat manembah sabersertra, lap manut reh kang titi ; koorram mg sapraja,

makripat kinawruhan, ywa nembah kang tanpa budi, ian manut prentah, ywa tan wrin kang kinardi ; kang ingaran leluri dayaning kudrad ; kayata bayi lahir, warnané ki jabang ; nemu saking kahanan ; pepak saranduning ḍiri ; tur yayah rena, nira tan angrasa ngukir, dé nalaring yeku bayi sinusonan ; karo karoning tunggil ; bisa tanpa ajar, netepi prajanjian, saking leluhurireki ; nganti tan ngrasa, amung netepi wajib ; dé ngakali ya iku bayi dinadah ; nglestarekken pakarti ; nirajanma wredḍa ; pened kadadiannya ; sumambung tumrahing wuri, tur kinurmatan pencar prapteng samangkin ; dé ngadadi bebayi pinulasara, wusing diwasa nuli ; pinardyeng piwulang ; déning yayah rena