Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 70

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 070/

angin dunungipun ; yeku marga parapatan ; kumpuling rahsa sakalir ; sanggyaning para malekat, jabarail mingkail lan ngisrapil ; ngijrail lan ngijajilun, paḍa amasang gelar, angreriḍu gumiwanging tyas mrih dudu ; manna kaki ya pepeka,

yen luput ambilaeni ; sapa kang bisa narbuka, wadining rat antuk irahmating wiḍi, yeku tirta kamanḍalu ; pangleburing cintaka, kaharsayan kamohitan wus kapungkur ; mung nikmat lawan mupangat, fir rasa jingga taruni ; pupuh durma ; al islamu dabikulnupu satina, min sepi mukli patin ; kang ingaran ?slam ; wong kang bisa amragad, ing nepsunira pribadi ; pamragadira ; ing peḍang nulayani ; i antamuti kabelal mutu jarwanya ; mati sjroning urip, ing ngendi marganya ; walahu karibuna, yeku min kibaril warid, allah raketan, ing unggyaning winadi ; walao hulayu kayapu artinya, allah iku tan keni ; yen kinaya ngapa ; miyarsa tanpa karna ; angandika tanpa laṭi ; lamun tumingal ; tanpa netra udani ; kang ingaran nenggih sipat kalihdasa ; wujud ananing widḍi, kidam matismaya, baka langgeng tan owah, mokal lapahlil kawadis, bedeng kahana