Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 55

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 055/

jeg ; utusan ; enggal sinapa ; lajĕng matur ; sami ngaturaken ; tiwasing lampahipun ; sarta ; sami agaḍahi panginten yen sang pangéran kados lajĕng anganyut tuwuh ; awit sawarnaning panggenan dalah ingkang sungil sungil ; sampun kaosak asik meksa boten pinanggih ; kyai patih miḍangetaken aturing utusan ; legeg ing galih ; boten saged andugi ; puruging tindakipun sang pangéran ;

kasaru ḍatenging utusan saking sang putri ; abekta papan rontal ; enggal katampen ; sarta lajĕng kawaos ; suraosing serat ; saking sang pangéran warihkusuma ; ngaturi uninga ing rawuhipun sang pangéran ; sarta kyai patih ; kaaturan rawuh ing pasanggrahan ; kyai patih kaget ; ing galih bingah amarwatasuta ; kados manggih sesotya ; ingkang ḍumawah saking ing langit ; enggal tindakipun ḍateng ing tarnan ; anganṭi ingkang putra raden udakawimba ; rawuhipun ing taman ; kapeṭukaken sang pangéran sarta lajĕng gapyuk arerangkulan ; sami angrentahaken waspa ; kyai patih ; matur ; "kangjeng pangéran ; ingkang alus ing budi ; ingkang angegungaken paramarta ; ingkang saged angecani manahipun tetiyang alit ; ingkang wicaksana berbudi ; ing mangke ;