Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 53

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 053/

n kemawon ; kula tuhu ing jangji ; yen sampeyan dados guru laki kula ngantos dumugi ing jaman kalanggengan ; nanging ; kenging ugi kula nama cidra ing jangji ; amargi ; sarining sekar ingkang taksih kuḍup ; rinodapaksa ingisep déning kruraning bremara" lajĕng kacariyosaken ; lelampahanipun miwiti malah amekasi ; "dados ; ing mangké kula namung anyenyanḍang sihing gurulaki kula ; ingkang kados sarira sampeyan ngapunten ing dosa kula ageng seḍeng ing laki ; namung kula tebusi ; wandat ing salami laminipun ; sarta ; anyirnakna doss kula anglampahi rajapati" ; sang pangéran trenyuh ing galih ; miḍangetaken aturipun ingkang rayi ; lajĕng ngandika ; "yayi ; dosamu iku ora ngapaa ;

awit ; nglabuhi tuhuning prasetya ; malah iku ; kang aran utama ; ora kagiwang nampani rahsaning liyan ; jamaking wanodya kang durung tau tau ; amesṭi korup sajatining rahsa mau ; mulane ; banget pangapuraku marang kowe ; awit ; kowé ora luput ; sanadyan ; ananing pepati ; kowé iya ora nemu dosa ; awit pramajaya iku ; pamalesing patrap rodaparipeksa ; mulane ; biraten tikbrarring atimu ; aku kang tanggung tumekané