Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 36

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 036/

kang ibu sang prameswari ; lajeng sami aḍoḍok ; ngapurancang ; ingkang rama ; sarta ingkang ibu sanget entyarsaning galih nguningani ḍateng ingkang putra sakaliyan ; sarwi ngandika ; "ingsun arani sira isih ana ing omah ; jebul wis menyang patamanan golek kembang apa?" "kawula ; nuwun ; namung mlampah mlampah kemawon ; won ten ing tenggan kaṭah tiyang ; yayi dewi boten kuwawi sumukipun ; medal pados isis" ; "wong sing tunggu ; becik konen paḍa sumingkir ; anaa ing jaba bae" ; "kawula ; nuwun ; inggih ; ḍateng sandika" ; "ayo ; paḍa menyang kaḍaton ; ingsun ; lawas ora main catur karo sira" ; sang prabu kasukan catur kaliyan sang pangéran ; gentos kaseser kemawon ; sang pangéran ; matur ; "gusti ; putra dalem tati dewi ; semunipun kados saged catur' ;  ; ' oh ; kepriyé pangéran? yen ingsun catur karo bojonira ; ing

sun wedi ; awit ; kalah pinter ; ingsun ; ora tau menang" ;