Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 33

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 033/

meswari punapa dené para ratu sami kinabekten ing sang pinanganten ; sang prabu entyarsa ing galih ; ningali ingkang putra sang pinanganten ; kadugen ing karsa rempu galihipun ; putra namung satunggal ; putri dinama dama pikantuk kakung putraning ratu binaṭara ; bagus tanpa cacad ; ḍasar wicaksana ; alus bebudenipun ; ing galih ; kados age agea seleh keprabon ḍumateng sang pangéran ; sang prabu lajĕng adumugekaken kasukan ; kaliyan ingkang para tamu ; gantos cinariyos ingkang wontĕn pepajangan ; sang panganten kakung kados amanggih retna sawukir ; ḍasar ayu ; putrining nata ; ginaḍang binaḍé raja ; sang pangéran sareh ing galih ; awit ingkang garwa mumpuni

ḍateng kasusilan ; sarta pinunjul ḍateng guna kasantikan ; boten kewran ing agal lembut ; ḍasar lantip ing panggrahita ; mengku kasujanan ; sang pangéran angangkah angkah angempakaken tembung pamilut mans amanohara ; "ḍuli gusti ; retnaning pura ; ingkang abdi kamipurun anuwila ganda ; punapa kalilan ; awawan sabda ; sanadyan gusti kula ; boten sotah ningali ; sok ugi namung karsa angandika kemawon ; dadosa pamurunging brangta manga rang ; sampun pinten laminipun ; anggen kula suwita wontĕn ing riki angentosi prentahing