Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 18

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 018/

nodapaksa ; sapinten kuwating estri ; winisesa ing kakung ; sang ayu ; saya ajarem ing galih ; rumaos ; cinidra ing resmi ; nanging namung kendel ; sarwi amawas sang prabu ; sang nata uninga ; tansah winawas ing sang putri ; rumaos kapaḍan ing karsa ; supé bilih sang retna taksih angasta patrem ligan ; salebeting sang putri rinangkul ; sarwi binantalan ing asta tengen ; sang prabu dipunsuduk ing patrem ; kenging kekulunging manah ; terns ing walikat ; seda ; boten mawi sesambat ; kasumerepan ing pawongan ceṭi ingkang jagi pasareyan ; sami ajrit karuna ; hoter salebeting kaḍaton ; sang putri boten mawi agragap ; nanning cipta ; baḍé suduk jiwa samangsa sampun nalaraken ing awoné tindakipun sàng prabu ; kasaru ḍatengipun kyai patih ; saking wana lajĕng ajujug ing kaḍaton baḍé lapur sarehing dinuta ; ameningi hotering pura ; yen sang prabu seda kacidra ing sang putri ; kyai patih gita ; lajĕng malebet ing kamar ; pinanggih sang putri ; taksih wontĕn ing tilam ; nanging patremipun katingal sampun kawrangkakaken ; sumeleh wontĕn ing pasareyan ; kyai patih ; alon pitaken ḍateng sang putri ; tembungipun ; kadospundi ; dené putri adi trahing panḍita teka nindakaken pan damel rajapati ingkang angere