Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 14

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 014/

rangi tatal ; samukawis ingkang sampun kula tindakaken ; langkung malih ingkang kula lampahi piyambak punika ; sampun mesṭi mawi pikiran paḍang ; boten mutatuli ; boten awuran ; " sang pangéran ; "uwa ; punapa sampeyan kalentu tampi ; ing atur kula ; mokal ; kula punika boten pisan maoni ; agengipun ; mrengkang saking wisésaning nagari ingkang katindakaken


ḍumateng uwa ; naraung ; kula nuwun sumerep dununging kalepatan kula ; sarta ; punapa sampun leresipun ḍumawah ing ukum pati?" kyai patih ; "benjing ; bilih sampun dumugi ing enggen pangisasan ; putra kula ; baḍé sumerep kalepatan ingkang kapitakekaken ing putra kula wau ; sapunika dereng mangsanipun ; sarta putra kula baḍé boten amastani lepat ing panindak kula" ; kyai patih kanṭi nayakaning praja saha wadyabala aḍerekaken ing tindakipun sang pangéran kabekta ḍateng ing wana nitih titihan taksih kaaweran cinḍe ; teka malah amarasemu ; kados panganten binayangkarya ; dados tetingalaning kaṭah ; ingkang sumerep prakawisipun ; sami kapiluh amarawayan ; welas aningali ḍateng sang pangéran anggenipun baḍé kasedanan tanpa