Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 108

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 108/

ran ; sampun akanṭen asta kaliyan ingkang rayi sang prabu putri ; sami suka suka ; sarta sami angaturaken pambagé wilujeng ; lajĕng alenggah setata ing pasanggrahan ; sang prabu putri ; lajĕng mengandikakaken kapanggihipun ingkang raka mawiku wontĕn ing guwa patapan ; sarta mangandikakaken ; lelampahanipun sang pengeran kalayan titi boten wontĕn ingkang kalanglngan ; sang prabu putri ; munḍut pirembaging bab pamanahanipun ḍateng kraman ingkang ngrabaseng kiṭa tuban ; aturipun kyai patih sarta para nayaka ; sarembag kaliyan senapatining prang ; pantes sang pangéran angsal piwelas pamurina saking sang prabu ; dereng dumugi anggenipun pirembagan ; kasaru ḍatengipun pacalanging baris ; ngaturi uninga ; yen wontĕn dedamel ageng lumampah nuju ing pasanggrahan ; sang prabu putri anginten ; yen punika mengsahipun ingkang raka sang pangéran ; lajeng aḍeḍawuh ; samekta prang sarta ḍawuh nata gelar wana kawelagar angel sasak sasakanipun ; raden udakawimba sampun kaaturan uninga ; yen cucuking

baris kanḍeg déning kapambeng baris malang ing margi ; kado