Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 1

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 001/

1. ing nagari tuban ; wontĕn ingkang jumeneng nata binaṭara ; aju
2. juluk prabu sindupati ; ageng karatonipun ; angere
3. haken para ratu ing atas angin ing bawah angin ; sang prabu
4. tansah angelar jajahan ; misuwuring asmanipun angebeki
5. jagad ; para ratu sami suyud sumawita ; boten kalayan kage
6. bag ing perang ; anggepipun sami ambaṭara ; sang prabu nengena
7. ken kaprawiran ; mila ingkang para abdi sami ulah kasampurna
8. ning kawruh perang ; aji jaya kawijayan ; kadigdayan ; kanuraga
9. n ; sami teguh timbul boten wontĕn ingkang teḍas tapak pa
10. luning panḍe ; sisaning gurinda ; limpad ing weweka ; sugih gelar ;
11. panangkeping satru sekti ; boten kanyanan ing mengsah ; sumerepi
12. pun sampun kasep kalebet ing byuha kalawerit ; angel wenga
13. nipun ; kontabing kaprawiran ; kasudiran sarta kawegiga
14. ning pasang gelar wau ; adamel mirising para ratu ingkang dereng sami
15. kawengku ing jajahanipun nagari tuban ; garwanipun sang prabu ; sa
16. ngang dasa sanga ; nanging putranipun namung kekalih ; sami kakung ; ingkang se
17. puh ; mijil saking garwa pangrembe ; turasing panḍita ; kaparingan na
18. ma raden warihkusuma ; ingkang anem ; miyos saking garwa padmi ; pu
19. trining ratu ; kaparingan nama ; raden warsakusuma ; punika ingkang
20. ginaḍang agentosi karatonipun ingkang rama ; raden keka