Pring Padha Pring

Saka Wikisumber
[ 38 ]
PRING PAḌA PRING
(lagu kroncong)

Bapak pucung yèn digagas saya bingung,
dadi ngambra-ambra, ditambani malah ndadi,
sapa baya durung terang sangkanira,

Pring paḍa pring, ketan surikaya,
nyanḍing paḍa nyanḍing, aja gawé gela,
angger gela dadi lara,
kerep lara gelis tuwa.

Pring paḍa pring, ketan dipususi,
nyanḍing paḍa nyanḍing, aja dirusuhi,
yèn kepéngin ngati-ati,
golèkana sing gemati.

Pring paḍa pring, ketan gula batu,
nyanḍing paḍa nyanḍing, aja pijer nesu,
kerep nesu awak kuru,
ngguya-ngguyu dadi payu.

Pring paḍa pring, ketan iwak terik,
nyanḍing paḍa nyanḍing, aja nglirak-nglirik,
yèn dilirik munḍak serik,
salah siṭik dadi bengkrik.