Pahlawan Panyebar Semangat Kamardikan

Saka Wikisumber
[ 84 ]
PAHLAWAN PANYEBAR SEMANGAT KAMARDIKAN

sekar kagem kadang premadi

Imam Soepardi Swargi

kadang kinasih
eluh trenyuh ngembang gugur
nguntabaké tindakmu ing tapel-watesing garislana iki
kanti tentrem leladi karsaning Gusti
kang Maha Welas lan kang Maha Asih

kadang kinasih
tabeting tresna kang mulus
kang labuh ing ati lan gerak makarti
ngrembuyung jroning urip bebrayan gung iki
sarta lungiding pénamu dadya
woding cita api semangat
krodaning kamardikan bangsa

kadang kinasih
nadyan pénamu wis aking
nanging isih tetep bening kekinclong
kekètès pinḍa mutiara pèni
dadya kaca pamangun pribadi
dadya jejimat paripih nyantosani barisan iki

kadang kinasih
pahlawan Panyebar Semangat Kamardikan
liwat pénamu
bangsaku kagugah
sarana pénamu
bangsaku gumrégah

kadang kinasih
nadyan iki pinangka dina wekasan ....
nanging dadya tancebing watu kang wiwitan
binangun nambah aruming sejarah bangsa kang tanpa pungkasan!

Moeljono Soedarmo

(in: Panyebar Sernangat no. 34, October 1963).