MaturNuwun Guruku

Saka Wikisumber
Kangen Sekolah
[ 18 ]
MaturNuwun Guruku
Dening : Farza Adistana Tafarel (9A)

Guruku...
Panjenengan kaya sinar cahya
Kang madhangi pepeteng alam donya
Panjenengan kaya tetese bun
Kang menehi adhem ing panase jiwa

Guruku...
Liwat tangan cilik iki, kita bisa miwiti sinau nulis
Liwat piwulang guru, kita bisa miwiti sinau cara ngeja
Liwat piwulang jenengan, kita bisa miwiti maca angka
Panjenengani pancen tulus nuntun kita nganti bisa

Guruku...
Ketulusan guru ora bisa lunas
Tanpa guru, kita ora ana apa-apa
Malah kita dudu apa-apa
Asmanipun jenengan wis nemplek ing ati

Guruku...
Nyuwun ngapunten sedaya kaluputan
Kita nyuwun pandonganipun
Supaya kita bisa dadi putra-putri sing bagus

[ 19 ]

Sing bisa nggawa asma guru kanthi sae

Kita sedaya uga ndedonga
Supaya kabeh dhawa yuswa lan sehat walafiat
Matur nuwun kanggo sedaya ilmu sing diterangake
Jasa guru bakal dak eling, guruku...