Kaca:Kangen Sekolah.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
MaturNuwun Guruku
Dening : Farza Adistana Tafarel (9A)

Guruku...
Panjenengan kaya sinar cahya
Kang madhangi pepeteng alam donya
Panjenengan kaya tetese bun
Kang menehi adhem ing panase jiwa

Guruku...
Liwat tangan cilik iki, kita bisa miwiti sinau nulis
Liwat piwulang guru, kita bisa miwiti sinau cara ngeja
Liwat piwulang jenengan, kita bisa miwiti maca angka
Panjenengani pancen tulus nuntun kita nganti bisa

Guruku...
Ketulusan guru ora bisa lunas
Tanpa guru, kita ora ana apa-apa
Malah kita dudu apa-apa
Asmanipun jenengan wis nemplek ing ati

Guruku...
Nyuwun ngapunten sedaya kaluputan
Kita nyuwun pandonganipun
Supaya kita bisa dadi putra-putri sing bagus

18 | TIPOLOGI GEGURITAN