Lola

Saka Wikisumber
[ 132 ]

26
LOLA

lampu-Iampu mati
lakuné rerambatan sikilé ringkih
nlusuri lawang-lawang kekancingan
thothok-thothok lirih

pak, bapak ngakna, pak
yung, biyung ngakna, yung
ing jaba adhemé ora jamak

o bapak, o biyung
aku kangen angeting asihmu
aku kangen nikmating katresnanmu
aah,
aku banget kapang kekudanganmu
ing gebyaring lintang sayuta

nanging, tan ana sabawa
lampu-lampu mati
lakuné rerambatan sikilé ringkih
nlusuri lawang-Iawang bisu
jroning dhadha isih nggegem pitakonan

Moeljono Soedarmo
(in: Iesmaniasita, Guritan, Antologi
Sajak-sajak Jawi, Surakarta, 1975).


First published between 1954 and 1967.