Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

E. Ukara-ukara iki ngokokna sing becik!

  1. Sampun dangu kula boten sowan Budhe.
  2. Sampun dangu Embah boten tindak mriki.
  3. Kula dipun dangu Pak Guru, punapa griya kula celak kaliyan dalemipun Pak Lurah.
  4. Kula matur bilih griya kula ajeng-ajengan kaliyan dalemipun Pak Lurah.
  5. Prakawis punika sampun wonten ing astanipun Bapak.
  6. Martinus ndherek bapakipun dhateng Surabaya.
  7. Bima dipun timbali Embah, dipun paringi salak.
  8. Pak Guru kula aturi pinarak, boten kersa.


IV. Wacanen banjur turunen!

  1. ꦩꦂꦠꦶꦤꦸꦱ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦢꦸꦱ꧀
    Martinus durung adus.
  2. ꦏꦂꦩꦶꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦧꦭꦶ
    Karmi uwis bali.
  3. ꦏꦩ꧀ꦢꦶꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦧꦶꦱ꧀
    Kamdi numpak bis.
  4. ꦲꦱꦸꦤꦺꦧꦏ꧀ꦢꦶꦔ꧀ꦭꦼꦛꦏ꧀ꦧꦭꦸꦁ
    Asune Bakdi nglethak balung.

28