Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog, gawenen kaya tuladha!

  1. Sapi sing ana ..... kandhang kae pakanana!
  2. Midhanget murangtatane Raden Rangga, Panembahan Senapati banget ..... dukane.
  3. aku wes ngerti ..... surasane layangmu.
  4. Yekti lunga ..... Karanganyar.
  5. Isih esuk wis tekan kene, mangkatmu ..... ngomah jam pira?
  6. ..... abote nganti ora kuwat nggawa.
  7. Bibine dirumat lan diingoni ..... sapatine.
  8. Wandi digendhong kakange saka ngomah ..... Puskesmas.
  9. Enggone nggambar ..... cet.
  10. Ula kuwi dipenthung ..... doran.


D. Tuladha:

  1. Gus, kowe doyan welut?
  2. Doyan!

Gawea ukara kang ora ganep, kaya tuladha (b)!

  1. Ning, kowe weruh Rusti?
  2. Sur, kowe wis maem?
  3. Sapa sing bengok-bengok mau, Tung?
  4. Sapa kancamu dolan mau, Sun?
  5. Iki bukune sapa, Rus?
  6. Dul, kapan tekamu?
  7. Sri, saiki jam pira?
  8. Piye, Dhik kabare?
  9. Mur, geneya tekamu kasep?
  10. Kowe mau saka ngendi, Dar?

27