Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5. Lho lho lho, piye Man, nyambut gawe kok grusa-grusu ngono!


II. Maca titi

A. Wacanen batin!

Ngingah Welut

 Welut punika kathah tiyang ingkang remen. Kangge lawuh eca, kangge gadhon nyamleng. Kenging kadamel rempeyek, kenging kadamel dhendheng, lajeng dipun goreng garing kemripik.

 Wonten ugi ingkang boten dipun goreng, dipun olah cara sanes. Upaminipun dipun bothok kaliyan klapa utawi dipun asem-asem radi pedhes, dipun colok kecap sekedhik. Dhasar sekulipun anget tur liwetan. Wah, eca sanget!

24