Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 4

I. A. Pacelathon

Tindakna!

Ngingu Welut


Bambang : Gus, kowe doyan welut?
Agus : Doyan tur banget.
Bambang : Yen doyan ngingua!
Agus : Yen mangan doyan, ning yen weruh gila. Karodene apa ana welut diingu?
Bambang : Lho, gila kok doyan mangan. Lucu, ki!
Agus : Gila olehe mbayar, kok.
Bambang : Wah, kejlungup aku. Pinter kowe. Yen aku ora gila kok, Gus. Wong aku ngingu dhewe.
Agus : Lha kowe duwe sawah, kena kanggo ngingu welut. Aku ora.
Bambang : Yen kepengin ngingu gampang.
Agus : Gampang tenan pa piye. Mbok aku wurukana!
Bambang : Gampang banget. Tukua tong wadhah aspal, mengko takwuruki carane
Agus : E ....., iya, iya.


B. Wacanen kang patitis, lagune kang trep!

  1. Lho lho lho, piye ki, mlaku kok ora ngingetke dalan!
  2. Lho lho lho, piye ki, nggraji kok ngawur bae!
  3. Lho lho lho, piye Le, omong kok waton muni!
  4. Lho lho lho, piye Yu, ndakwa kok angger ndakwa!

23