Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Swara

uwong : Tulung, tulung, tulung, tulung!
Banjir, banjir!
Bapak : Lha rak tenan ta Dib! Kowe
kudu titen bab kenthong kuwi!
Dibya : Inggih, Pak! Banjir saestu.
Mangga, Pak, ngasta prau le-
sung!
Bapak : Debog-debog kae digandheng
rak ya kena kanggo prau.
Dibya : Ngasta senter, Pak?
Bapak : Iya iya, aja gugup. Kowe ora
susah ndherek!
Dibya : Inggih, Pak, kula tengga griya
kaliyan Ibu.


B. Wacanen kang patitis, Kedalna kang trep!

1. a. Aku duwe jago.
b. Ibu tindak jagong.
2. a. Ibu mundhut kalo.
b. Iki pipa balung kalong.
3. a. Bapak ngingu kebo.
b. Kebone Bapak dicancang ana kebon.
4. a. Mripate kuyuhan coro.
b. Ing dhuwur pawon diwenehi corong.
5. a. Anak jaran jenenge belo.
b. Rambat nganggo belor.

57