Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 7

I. A. Pacelathon
Tindakna!

Banjir
Swara kenthong : Thong, thong, thong, thong!

Thong, thong, thong, thong!

Dibya : Pak, wonten griya kebesmen!
Bapak : Udan-udan kok ana omah kobong!
Swara kenthong : Thong, thong, thong, thong!

Thong, thong, thong, thong!

Dibya : Punika, Pak, wonten kenthong!
Bapak : Kok kaya ping pat ta, Dib?
Swara kenthong : Thong, thong, thong, thong!
Dibya : Inggih, Pak! Mangga, Pak, ngasta ember!
Bapak : Kosik ta!. Kenthong papat ki rak banjir, dudu omah kobong!

56