Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 5

I. A. Pacelathon
Tindakna!

Gawe Topeng
Itak : Hi, aku wedi!
Praba : Ana apa ta, Dhik Tak?
Itak : Kae, ana uwong ilunge gedi, mlipate bundel abang!
Ibas : Dhik Tak, aja wedi! Wong aku nganggo topeng, kok!
Praba : Copoten, Mas Bas
Ibas : Ba da la! Rak aku tenan ta, Dhik Tak!
Itak : O iya! Aku ola sida wedi. Nyilih, Mas!
Praba : Aku we, Dhik, sing nyilih! Kowe kegedhen!
Itak : Aku gawekna ya, Mas!
Ibas : Ya, mengko dak gawekke sing irunge dawa. Dhik Praba barang mengko dak gawekke.
Praba : Aku sing ilate melet ya, Mas!
Ibas : Iya, anggere aja nakal!

37