Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Wacanen kang patitis!

  1. Aku duwe topeng.
  2. Topenge dakenggo topengan.
  3. Aja seneng pamer.
  4. Bocah-bocah padha nonton pameran.
  5. Bakal anyar aja disuwek.
  6. wis ana suwekan.
  7. Aku seneng pelem golek.
  8. Pelem golek dadi golekan.
  9. Gerbonge wis digandheng.
  10. Praba gandhengan karo adhine.

II. Maca titi A. Wacanen sing titi!

Gawe Topeng
Baswara klas papat SD. Praba klas loro. Itak durung sekolah. Itak isih pelo. Yen omong lucu, nyenengake. Nanging, sok ora ngertekake.
Baswara wis bisa gawe topeng. Topenge medeni. Irunge gedhe, mripate abang mentholo. Untune mringis, nganggo siyung kaya buta.
Bareng dienggo, Itak weruh, wedi, Praba nyedhaki adhine karo takon. Baswara Selak mesakake adhine. Topenge banjur di-
38