Kaca:Winih Semi.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

GALUH ANDUKA SARI

SLP 4 Pandak

TAWON


Tawon ...
Wujudmu dhisik medeni
Bareng wis metu swiwimu kuwi katon apik
Gawe kesengsem atine wong akeh

Tawon ...
Gunamu kanggo manungsa akeh banget
Upamane kowe ngingsep sarining kembang
Kowe mbiyantu produksine kembang mau
Supaya bisa ngasilake kembang sing luwih apik

Tawon ...
Anggonmu sesolah ngalor-ngidul, ngulon-ngetan
Agawe seneng atine wong sing ngewasake
Oh... tawon kowe akeh gunane

Winih Semi

45