Kaca:Winih Semi.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

KURSI

pira regane kursi
nganti ora ndarbeni
ndadak ngreka lan masang-masangi
supaya ora ngawistarani
yen akeh pasangan eri
  ana kursi kayu
  diplitur nganti luyu
  kang nglungguhi ngguya-ngguyu
  jalaran tase muncu-muncu
  ana kursi wesi
  krasa atos yen dilungguhi
  mula ora ana kang ngrusuhi
sepira ajine kursi
nganti rebutan andarbeni
kowe lan aku ora butuh weruh wewadi iki
jalaran mokal bisa nggenteni
  sepira regane kursi
  dene nganti ditumbal-tumbali

44

Winih Semi