Kaca:Winih Semi.pdf/135

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

PEMBACAAN PUISI
Berikut ini ada 2 puisi Jawa atau yang at kenal dengan geguritan, silakan teman-teman mencoba membacanya.

Andika Zhena Fahmi

KAMARDIKAN BANGSA INDONESIA

Sampun tetela nalika abad-abad kapungkur
Bangsa Indonesia kajajah walanda

Sampun kathah rakyat ingkang tilar donya
Sedaya rila, supados Indonesia mardika
Ludira ingkang tumetes wonten sarira
Usapen sedaya lelara

Supados saged cancut mbela bangsa
Ngalahaken durjana walanda

Saiki Indonesia sampun mardika
Indonesia mardika, rakyat sentosa
Kamardikan kedah kajaga, dibelani
Karana paringipun Gusti Kang Kuwasa

Ratmaeda sarastry

LARA ATI

<poem>

Mripatku teles, kena banyu
Beda karo atiku sing panas
Kasatan banyu
Atikt nangis nandhang lara
Nanging
Lara, lara dudu lara raga lumrah
Iki lara sing bisa agawe tangising atiku
Lara ati
Rasane banget lara
Kang ora bisa sinaput ing tangis,
Tangis iku mokal gawe tentrem ati sing lara iki

126

Winih Semi