Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-2-

ingkang tjekap miwah absah ( wetenschappelijk); pamanggih-pamanggih toewin tjara-tjaraning pasinaon waoe kadang-kadang sami tjetjengkahan, margi sami nganggé dasar pijambak-pijambek ingkang amoeng awewaton raos toewin dhoegi-dhoegi, sarta kerep gandoelangoegon-toehon, Ingkang makaten poenika ambingoengaken para ingkang badé sinaoe, satemah dhamel moendhoering kagoenan gending Dijawi.

5. Kawroeh gending ingkang adedasar kasardjanan, boten namoeng badé anggampilaken pasinaonipoen, nanging oegi badé saged ngekahaken djedjering gending Djawi toewin anggesangaken, margi badé saged njirnakaken samoekawis tjentjangan, ingkang sarwa njrimpoeng lan ngribeti lampah (sleur, verstarring ); mardhikaning gending Djawi temahan badé saged njaékaken, ngadjengaken saha anambah kaloehoeraning kaboedhajan bongsa.

6. Sadhaja tjara toewin lampahing pasinaon (systeem lan methode) makaten kedhah asipat leres lan gampil (praktisch).

Kanggé njekapi dapoekan kawcoeh toewin pasinaon gending Diawi, langkoeng roemijin kedhah kasoemerepan wontening 3 prakawis:

a. sapinten lebet-djembaring kagoenan gending Djawi;

b. isi saha peprintjéning gending Djawi, sarta kadhos poendhi sesambetaning sadhaja peprintjén waoe;

c. kadhos poendhi tjaraning andapoek woelangan, amrih saged manoenggilaken pepriatjén-peprintjén waoe ngantos dhadhos barang sawetah malih,

III. Lebet - djembaring pangertos gending.

7. Gending oetawi lagoe inggih poenikawirama ingkang awoedjoed swara, oetawi wirama ingkang kapyarsa. ,, Wirama" ing ngriki dawah nginggil. awit djedjer dhadhos djiwaning gending, wondhéné ,,swara” boten sanés inggih raganing gending.

Salebeting sadhaja geading tansah saged kajektosan, billh awon saéning gending poenika ratjak-ratjakipoen goemantoeng dateng awon-saéning wiramanipoen,

Gending ,,Gangsaran", ,,Kodok-ngorék”, ,,Moenggang’’ I.spn., sanadhyan namoeng awoedjoed éka -, dwi— lan tri—swara. nanging saged noewoehaken ngés toewin kanikmatan ing raos, awit saking wiramanipoen. Kanggé bongsa montja gending Djawi poenika kerep winastan ,,eentonig’’, inggih poenika ,,andjeléhi , awit sami boten saged toemoet ugraosaken wiramanipoen.

8. Wirama poenika sadhaja rampak-roentoeting mosik lan ébah, kendo-kentjenging lampab, lebet tjethéking tandhoek swara, antep-énthénging greget lan graita, ingkang sadhaja waoe tansah gantos-goeman tos, satemah adhamel gesanging swasana poenapa déné noewoehaken nges. ( Ocdelijke opeenvolging van zware en lichte accenten met een bezielende uitwerking ).