Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WAWATONING KAWROEH TOEWIN PASINAON
GENDING DJAWI.
Dhéning: Ki Hadjar Dewantara.

dh = ꦢ​ ____ th = ꦛ

I. Wigatosing Gending.

  1. Pasinaon gending poenika boten namoeng perloe kanggé ngoedhi kawroeh saha kasagedhan gending kémawon, nanging wigatos oegi kanggé toe woehing gesang kabatosan, awit tansah nenoentoen dateng raos kawiraman ( rhythmisch gevoel ), kadhosta : raos édhi roentoet, patoet, titi, pratitis, tetep, tatag, antep, mantep spn; poenapa dhéné anggegesang raos kasoelistyan {aesthetisch gevoel), kadhosta: raos édhi, péni, resik, éndhah, aloes. loehoer. bening spn.; kadjawi poenika oegi ngijataken toewin ngeningaken raos kasoesilan, (ethisch gevoel), kadhosta: raos aloes, soetji, lebet, santosa, djedjer, gadah prabswa. mandiri, boedhipakarti, raos gesang-bebrajan spn. ( Kasboet ing wawarah Soeltan Agoengan toewin piwoelanging para sardjana Kilénan),
  2. Ing tanah Djawi katjarijos para pandita lan wali sami anggatoseken dateng kagoenan gending, malah kathak ingkang sami toemoet ambangoen wawangoenan gending toewin kidhoeng ( Soenan Kalidjaga, Soenan Giri, Seri Soeltan - Agoeng Iss.). Makaten oegi ing tanah Kilénan para manggalaning agami toewin gridja (para paus lan pandita) sami ngetjakaken dhaja- prabawaning gending, minongka pambikaking raos kabatosan (religieus gevoel ), poenapa dhéné minongka pangasahing boedhi (karaktervorming) ingkang adedasar landeping tjipta, aloesing rasa toewin kijating karsa.
  3. Ing djaman samangké para ahli kaboedhajan perloe sanget anggatosaken pasinaon gending kanggé para moeda, boten namoeng margi ingkang sampoen kaseboet ing ngadjeng, nanging oegi réhning djedjering gending Djawi poenika jektos pantjén édhi miwah loehoer, pantes dhadhos boesananing bongsa ingkang kinaot. Kadjawi ingkang makaten, raos anggadahi kagoenan adhiloehoeng makaten saged dhamel mantep toewin moernining raos kabangsan (superioriteitsgevoel ).

II. Dedasar Kasardjanan.

  1. Djedjering kawroeh gending Djawi ing djaman sapoenika, dhéréng roedjoek kalijan kawontenaning djaman toewin alam kasardjanan; tjara-tjaraning pasinaon taksih kina, inggih poenika dhéréng adedasar wawaton