Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 8 -

e. Pathet enem, oegi winastan, „pathet lasem” kalijan pathet manjoera makaten asring lilintonan wantji; ingkang makaten poenika rèhning kadang-kadang sok noenggil raos, margi ambah-ambahaning gending pathet enem toewin pathet manjoera poenika sami anggadahi papathok-swara laras „enem”. Makaten oegi pathet sa nga lan pathet enem rèhning sami anggadahi pathok-swara djonggo, saged linta-lintoe oegi, sanadhyan boten kerep kadhos loeloehing manjoera lan pathet enem.

f. Pathet sa nga poenika ambah-ambahaning lagoe lan gending ingkang laras ageng; manjoera ingkang laras alit wondhéné pathetenem makaten ambah-ambahaning swaranipoen laré, dhèrèng gadhoek laras ingkang alit-alit, oegi dhèrèng djadjag laras ingkang ageng-ageng.

23. Pathet 3 warni ing salebeting laras pélog, kadhos ingkang katjetha ing ngandap poenika :

a. Pathet gangsal: laras barang” kasantoe nan laras „bem”, (dhadhos minggah oetawi ka-alitaken ¹/2 laras), kadang kadang laras „barang” taksih kanggé, nanging namoeng minongka prenès. Dasaring pathet: laras bem; grambjanganipoen: bem-djongga-dada-gangsal, oetawi katjekak: gangsal-bem; ing ngriki „bem” dhadhos dasaring pathet „gangsal" pathokaning pathet. Kanggénipoen ing wantji sonten (kadhos „pathet - enem” ing salebeting saléndro); raosipoen: nglangoet, sedih, melasasih spn.; temboeng „gangsal” ing ngriki asalipoen saking namaning laras „gangsal”, ingkang minongka pathokaning pathet.

b. Pathet enem: oegi boten nganggé laras „barang” kadjawi namoeng kanggé prenès. Dasaring pathet: laras enem; grambjanganipoen: enem-bem-djonggo-dada, oetawi katjekak: dada-nem („dada” pathokanipoen enem” dasaripoen). Kanggé ing wantji tengah dhaloe (kadhos „pathet-sanga” salebeting saléndro); raosipoen: sabar, soemèlèh, boten patosa nglangoet kadhos „pathet gangsal”; temboeng enem” asalipoen saking laras „enem”, ingkang dhadhos dasaring pathet.

c. Pathet barang: boten nganggé laras „bem” (kadjawi namoeng minongka prenès). Dasaring pathet: laras gangsal, grambjanganipoen: gangsal-nem-barang-djongga, oetawi katjekak: diongga-gangsal (pathokanipoen kalijan dasaripoen). Kanggénipoen ing wantji éndjing (kadhos dhéné „pathet - manjoera” salebeting laras saléndhro) raosipoen: bingah, tangi, ngenèm-enèmi; temboeng „barang” sampoen tjetha asal saking namaning laras „barang", ateges boten ngambah „bem”, dhadhos dhédhé pathet gangsal" oetawi „enem”.

d. Ing pangkoning saron gongsa pélog, kaprenah ing tengah-tengah wonten wilahan, ingkang kanamèkaken laras „pélog”; poenika sadjatosipoen laras „dada” kainggahaken ¹/2 laras, oetawi laras „gangsal” kaedakaken ¹/2 laras; pramila panganggénipoen minongka soesoelihipoen laras „dada” oetawi gangsal" (kanggé prenès).