Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 7 -

21. Laras barang miring poenika ingkang sepoeh pijambak; tandanipoen kanggé ing salebeting Kiloerah Semar tetembangan, mongka Semar poenika wajang ingkang sepoeh pijambak. Laras „barang-miring” boten anggadahi pirantos gongsa (ing djamaning „laras barang - miring” tijang Djawi dhèrèng saged dhamel gongsa; saweg anggadahi soeling. gambang-tjaloeng toewin kendang).

Laras barang-miring makaten ing bagejan ngandap, wiwit „barang” dhoemoegi „gangsal” swarantaranipoen mèmper laras salendhro, wiwit „gangsal” dhoemoegi „barang„ mèmper pélog: pramila tjaranipoen njekaraken barang - miring makaten nganggé gongsa salén dhro, sanadhyan tjèngkok-tjèngkokipoen semoe raos pélog. (Jèn nganggé gongsa pélog, ladjeng karaos bléronipoen).

22. Kanggé madahi sadhaja lagoe-swara oetawi lagoe-gending amrih saged trep lan sakétja, laras salén dro toewin pélog poenika kabagé dhados 3 pathet satoenggal-toenggalipoen.

Laras salèndro angyadahi pathet warni tiga kadhos ingkang katerangaken ing ngandap poenika :

a. Pathet enem; nganggé „dasar-swara” laras djongga (inggih poenika „dong-donganing lagoe” kerep dawah laras „djongga”); gram bjangan" ipoen pathet (amrih saged karaos sanalika garising wilet", ngeng-ipoen) inggih poenika oeroet-oeroetaning laras: djongga-dada-lima-nem oetawi katjekak: nem-djongga. Génding-gending ingkang pathet „nem” makaten mitoeroet pranataning gending kaoengelaken ing wantji sonten dhoemoegi djam 11; noewoehaken raos bingah prasadja lir gesanging la ré; temboeng „enem boten gandèng kalijan namaning laras-enem, nanging gandèng kalijan pralambanging raos-pantja drija. inggih raosing laré.

b. Pathet sanga; dedasar laras gangsal; grambjanganipoen oeroet - oeroetaning laras; gangsal-enem-barang-djong ga oetawi ketjekak: djongga-gangsal. Gending ingkang phatet „sanga” makaten kaoengelaken ing wantji tengah dhaloe, wiwit djam 11 dhoemoegi djam tiga; noewoehaken raos tentrem, gagah, sabar, semepoeh ssm.; temboeng „sanga” ing ngriki asal saking tetemboengan „babah nawa sanga” inggih poenika gesanging tijang dhéwasa.

c. Pathet menjoera; dasar-swaranipo en laras enem: grambjanganipoen: enem-barang-dionggo-dada oetawi katjekak: dada-enem. Gending-gending pathet enem kaoengelaken ing wantji éndjing, wiwit djam tiga dhaloe dhoemoegi bjar raina; noewoehaken raos bingah, asri, kenès. ngenèm-enèmi sapitoeroetipoen; temboeng „manjoera” asalipoen saking oengeling merak ing wantji éndjing.

d. Kanggé „oejon-oejon” (gongsa moengel soran) oetawi „kalenèngan” (klenjitan) ing wantji siang, oeroet-oeroetan: éndjing-siang - sonten ka-anggep sami kalian oeroet-oeroetan: sonten-dhaloe - éndjing.