Kaca:Wasis Maca 6.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-37 -

Wm -6-

 Sukamaju utawi Banyumas kemawon. Saupami naminipun dhusun Sukangantuk lan dhaerahipun Banyuseng, putra-putra panjenengan kinten kula benjing tetep dados kader koperasi ingkang. pengpengan. Bregas-bregas, jejeg-jejeg sikapipun. Makaten wau boten sanès, ugi saking bimbingan lan bombonganipun para tiyang sepuhipun. Kula ngaturaken hormat dhateng Ibu-ibu lan Bapak-bapak warga POM.

 Bapak-bapak lan ibu-ibu !

Atas naminipun Bapak Kepala Inspeksi SD lan Bapak Kepala Perwakilan P dan K, kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, Dene panjenengan sedaya sampun nindakaken pendidikan mental ingkang sanget wigatos. Inggih punika : Mental saged ngregeni yatra. Mental gemi, tertib, lan-jujur, Mental remen ngabdi dhateng kabetahanipun lare kathah. Boten sarana pidato, nanging tumindak ing koperasi.

 Mental tigang bab wau dadosa sangu ingkang ipakos, kangge lare-lare ingkang badhe wangsul dhateng mental bebrayan.

 Matur nuwun.”

 ----=oOo=----