Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

"Ana layang saka papan Transmigrasi, saka Kalimantan !”

"Saka sapa Bu ?” takone Pak Makmur.

"Saka pak Jamain.”

"E, saka Pak Jamain? Pak Jamain sing lunga transmigrasi ?”

"Iya, la iki ta layange.” Sumaure ibu karo ngulungake amplop layang.

Bapak mbukak amplop layang. Banjur diwaca lirih, sawatara suwene. Suminar karo Andaru nyawangi bapake sing lagi maca.

"Apa isine Pak ?” takone Ibu.

"Hem, aku melu bungah Bu. Pak :Jamain sing biyen uripe kesrakat kae saiki wis urip kepenak. Tanduran ing kana apik-apik, lemahe isih loh. Pangan cukup, malah turah-turah, Pak Jamain sakulawargane wis ora kacingkrangan maneh, Omah wis disediyani, tegal dicepaki jembar. Malah nalika anyaran teka kana sandhang pangan nampa saka pamarentah, Nganti wong-wong duwe panenan. Ngono Bu, isine layange.”

"Alhamdulillah, aku melu muji syukur, Pak. Dene Pak Jamain sing ana ing kene kesrakat, nemu mulya ing Kalimantan, Satemene ing kana ing kene rak ya padha wae ta, kana-kene ya bumi Indonesia. Apa sing kudu diabotake yen budhal transmigrasi?”


B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa Krama !

  1. Pak Makmur mulih saka ngendi ?
  2. Kira-kira wektune wis jam 12 awan. Apa pratandhane ?
  3. Geneya Andaru kabungahan ?
  4. Sepedha motor dijagang ana ing ngendi ?
  5. Ibu mapag ing ngendi?
  6. Oleh kiriman layang saka sapa ?
  7. Sapa-sing mbukak amplop ?
  8. Biyen kepriye uripe pak Jamain ing tanah Jawa ?
  9. Kepriye lemah ing papan transmigrasi ?
  10. Kulawargane pak Jamain nemu mulya ing ngendi ?

II. Kawruh Basa.

A. Goleka tembung liya sing padha utawa meh padha tegese !

3