Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 1

A. Wacan.

KABAR SAKA PAPAN TRANSMIGRASI

Pak Makmur, bapake Suminar, wis mulih saka sawah. Pancen srengenge wis manjer. Saka masjid keprungu bedhug ditabuh ndrendheng. Andaru kebungahan, dioleh-olehi welut karo kul gedhe-gedhe. Pak Makmur terus menyang kulah, reresik awak.

Saka ratan ana sepeda motor mlebu, banjur dijagang ing latar. Wong nganggo sandhangan klawu nyedhaki panggonane Andaru dolanan. Ibu metu mapagake ing emper.

“Pos” kandhane wong mau karo ngulungake amplop.

Ibu nampani nuli sumaure, “Matur Nuwun”.

Sedhela maneh motor pos mau ninggalake latare Pak Makmur. Ibu mlebu ngomah, ditutake Andaru. Nalika kuwi Suminar uga wis mulih saka sekolahan.

2