Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Sadurunge bedhug wis tekan segara. Kabeh padha mudhun saka bis. Ing kono angine banter, ing segara alune gedhe. Katon gulung-gumulung saka tengah, wekasan pecah lan ambyar ing pinggir. Suwarane gumebyur.

 "Banyu segara kuwi rasane asin, Ndaru.” kandhane pak Makmur.

 Suminar sumambung, “Uyah kuwi sing digawe rak ya saka banyu segara, ya, Pak ?”

 Pak Makmur manthuk.

 "Iya, mulane segara kuwi ya dadi kasugihane negara. Ana uyahe, ana iwake lan uga ana mutiarane sing regane larang. Liyane kuwi isih akeh maneh barang-barang sing pangaji ing njero segara.”

 Bocah-bocah ana sing wani adus ing pinggir. Olehe adus ing cedhake pak Amar lan pak Ilham sing uga lelangen lan slulupan. Ing tengah segara katon prau-prau golek iwak nganggo jaring.

 Suminar karo kanca-kancane padha golek kerang lan kingking segara. Kanggo dolanan lan-arep dironce-ronce.

B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama.

  1. Kapan bocah-bocah darmaswisata ndeleng pesisir ?
  2. Sapa sing ngeterake Suminar karo Andaru ?
  3. Andaru oleh panggonan lungguh ing ngendi ?
  4. Amarga apa sedhela-sedhela Ndaru bengok-bengok?
  5. Geneya rupane tanduran pari katon saelang-seling ijo lan kuning ?
  6. Blarak-blarak krambil katiyup angin kaya nyangapa ?
  7. Kira-kira jam pira wong-wong tekan segara ?
  8. Apa sing suwarane gumebyur ?
  9. Banyu segara kena digawe apa ?
  10. Kanggo apa bocah-bocah wadon golek karang lan king-king ?

II. Kawruh Basa.

A. Apa tegese tembung-tembung iki ?

66