Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 9

1.A. Wacan.

DARMAWISATA

Ing dina libur dawa bocah-bocah padha seneng atine. Apamaneh sekolahan nganakake darmawisata. Arep padha ndeleng pesisir segara kidul.

Esuk umun-umun bis telu wis teka ing ngarep sekolahan. Bocah-bocah karo wong-wong sing padha arep melu darmawisata wis samapta. Andaru karo Suminar diterake bapake. Ora suwe maneh wong-wong wis padha munggah menyang tumpakan. Bis telu banjur budhal.

Andaru oleh panggonan cedhak cendhela. Sedhela-sedhela dheweke bengok-bengok amarga gumun. Weruh alas lan jurang-jurang Weruh watu-watu gedhe ing pegunungan kendheng. Kali-kali pating sreweh.

Desa-desa ketara lempar ing ngisor. Kodhokan pasawahan pating galur, kebak tanduran pari. Rupane selang-seling. Ana ijo lan ana sing kuning. pomahan lan pakarangan pating grembel. Blarak-blarak krambil katiyup angin kaya angawe-awe saka kadohan.

65