Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Andaru sumaur, “Aku ya arep nandur kencur, Bu. Mbesuk arep gawe jamu beras kencur, Kaya jamu ideran sing digawe Bu Madi kae”.

"Hem, bagus tenan kowe, Ndaru”. pangaleme ibune.

"Ngendikane Bu Titi empon-empon ngono kuwi kena kanggo jamu-jamu lan tetamba, Bu.” kandhane Suminar.

“Bener, Nar. Ing kursus PKK bab kuwi uga dipratelakake. Kebon lombok, terong, bayem, kacang, brambang, kucai lan sapanunggalane diarani pasar hidup. Dene kebon empon-empon sing lagi kok garap kuwi diarani apotik hidup tegese kebon jamu lan tetamba. Kebon jamu lan tetamba kuwi perlu ana, sawayah-wayah katekan lara bisa gawe jamu lan tetamba dhewe”.

Ibu banjur maringi dhuwit rong atus seket rupiyah kanggo tuku winih jahe karo kencur. kunir, temu lawak dan liya-liyane njaluk saka kebone pak Dikin.

B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !

  1. Ngendi ana lemah mluwa ?
  2. Ing cedhak blumbang Suminar karoAndaru lagi nyangapa ?
  3. Sapa sing undang-undang Minar lan Ndaru ?
  4. Lemah mluwa arep ditanduri apa ?
  5. Andaru arep nandur apa ?
  6. Sapa sing gawe jamu beras kencur ideran ?
  7. Empon-empon iku kena kanggo apa ?
  8. Apa sing diarani pasar hidup ?
  9. Apa sing diarani apotik hidup ?
  10. Ibu maringi dhuwit kanggo apa ?

II.Kawruh Basa
A. Golekana tembung liya sing padha utawa meh padha tegese!

Tuladha :

Lemah mluwa = lemah kosong (durung ditanduri).
  1. Ketungkul nyambut gawe = ..........
  2. Kringete dleweran = .........

51