Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 7

I. A. Wacan

KEBON EMPON–EMPON


 Ing mburi omahe pak Makmur ana lemah mluwa. Manggone cedhak blumbang iwak. Suminar karo Andaru katon lagi ibut ing kono. Lemah kuwi dipaculi nganggo pacul cilik.

 "Minar, Minar !" Ibune undang-undang.

 Nanging ora ana wangsulan. Ibu banjur ganti undang-undang Andaru. Uga ora ana wangsulan. Bocah loro lagi padha ketungkul nyambut gawe. Kringete nganti dleweran.

 Ibu ngungak menyang mburi omah.

 "We la, lagi padha nyangapa ta kuwi ?"

 Suminar ndengengek karo ngusap-usap kringet ing gulune.

 "Minar, lagi padha nyangapa ana ing kono ?" takone Ibu.

 "Pacul-pacul, Bu, Lemah iki arep daktanduri empon-empon. Jahe, kencur, temu lawak, laos lan sapanunggalane. Ing kebon sekolahan mau uga ditanduri empon-empon".

 Ibu mesem karo manggut-manggut.

50