Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kabeh digawe sarwa cilik.

Ing kana-kene dipasang tandha dalan. Tandha dalan mau wis digawe sadurunge dening pak Ilham karo pak Amar. Ana gambar sedhan menek garis, dipasang ing dalan munggah ndeder. Denegambar panah bengkong dipasang cedhak tikungan. Arep ngliwati rel sepur dipasang gambar lokomotip karo tulisan; AWAS KERETA API.

"Kuwi tandhane dalan sing nugel rel sepur sing ora ana lawangane, cah. Sing ana lawangane, tandhane kaya gambar andha iki !" ngendikane pak Ilham.

Ing cedhak dalan prapatan gedhe dipasang gambar uwong loro ireng-ireng, kanggo pratandhane papane wong-wong sing nyabrang ratan gedhe.

Jam lima luwih sethithik pagaweyan wis rampung. Barang-barang lan pirantine diringkesi. Kabeh banjur padha mulih.


B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !

  1. Piranti apa wae sing digawa bocah-bocah ?
  2. Suminar karo Arti diutus Bu Nastiti nggawa apa ?
  3. Apa isine kerdhus sing digawa Minar karo Arti?
  4. Ing ngendi bocah-bocah nyambut gawe?
  5. Sapa sing gawe tandha-tandha dalan ?
  6. Gambar sedhan menek garis dipasang ing ngendi ?
  7. Ing dalan sing nugel rel sepur sing ora nganggo lawangan dipasang gambar apa?
  8. Ing dalan sing nugel rel sepur sing nganggo lawangan dipasang gambar apa?
  9. Apa zebra-cross kuwi?
  10. Jam pira pagaweyan mau rampung ?

III. Kawruh Basa.

A. Golekana kosok baline tembung iki !
Tuladha :
nyambut gawe sengkut >< nyambut gawe sak kepenake.

42