Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 6

I. A. Wacan.

TAMAN LALU LINTAS


Dina Jumat sore bocah-bocah menyang sekolahan. Murid kelas papat, lima, lan enem. Bocah-bocah mau padha nggawa piranti nyambut gawe. Ana linggis, pacul, graji, pasah lan liya-liyane,

Pak Amar lan pak Ilham, guru kelas lima lan enem, wis rawuh. Bu Nastiti malah wis luwih dhisik. Pak Giyat ngetokake kothakan gedhe saka gudhang. Di gawa menyang latar mburi, Bocah-bocah kabeh didhawuhi melu pak Giyat.

Bu Nastiti nimbali Suminar karo Arti.

Ngendikane, ."Kowe kabeh, Minar karo Arti, gawanen kothak kerdhus iki menyang mburi. Iki isi komplong-komplong karo kuwas cet. Uga ana sawatara lembar perlas kayu."

"Inggih, Bu" sumaure Suminar.

Sore kuwi bocah-bocah nyambut gawe sengkut ing latar mburi. Ing kana digawe taman lalu lintas. Ana dalan lan prapatan-prapatan. Uga ana tikungan-tikungan, dalan munggah lan mudhun kaliwatan rel sepur lan kali-kali. Ana kreteg lan ana trowongan.

41