Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lagi turu angler, dumadakan kaget banjur tangi. Keprungu suwarane wong bengok-bengok. Suwarane wong akeh sajak ngoyak-oyek, Suminar karo Andaru banjur tangi, padha wedi.

"Ana apa, Bu ?” takone Andaru.

"Wangune ana maling, Ndaru," sumaure Ibu lirih.

Suminar ndhepipis ing cedhake ibune, dhadhane krasa dheg-dhegan. Suwarane wong oyak-oyakan saya adoh, banjur ilang ora keprungu. Atine padha rada tentrem.

Wayah lingsir wengi pak Makmur mulih, Mulihe bebarengan karo pak Musa, Pak Danu, Pak Dikin Pak Jamil lan Pak Kamituwa Jaidi. Kabeh padha nggawa gegaman.

"Ana apa kok rame-rame, pak ?” takone Ibu.

“Ana maling mlebu omahe Yu Lirik. Randha sugih cedhak sekolahan kae. Nanging malinge wis kecekel, saiki wis digawa menyang Kantor Polisi.”

“Tujune bisa kacekel, ya, Bu ?” sumaute Suminar lega.

Ibu manthuk, banjur menyat menyang pawon. Njupuk nyamikan.

Sedhela maneh wong-wong wis padha mangan uwi karo genibili. Ngombe wedang kopi. Bubar kuwi wong-wong mau padha metu, bali rondha mubeng dhukuh maneh.

Lawang ngarep nuli ditutup. Ibu, Suminar lan Andaru bali turu maneh.




B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !

  1. Suwara bedhug isak keprungu saka ngendi ?
  2. Ing ngendi ibune Suminar anggone setrika ?
  3. Kepriye rupane clanane Pak Makmur ?
  4. Ana ing ngendi kenthes sing digoleki bapake Suminar ?
  5. Ing pawon ibune Suminar adang apa ?
  6. Kira-kira jam pira krungu suwarane wong bengok-bengok ?
  7. Wayah apa Pak Makmur mulih ubeng dhukuh ?
  8. Omahe sapa sing kelebon maling ?
  9. Malinge digawa menyang endi ?
  10. Apa nyamikane wong-wong rondha mau ?

33