Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 5

I. A. Wacan.

SISKAMLING

Suwara bedhug isak saka masjid keprungu. Suminar isih sinau, Andaru wis turu nglepus. Ibu isih setrika ing meja njero.

Pak Makmur metu saka kamar wis salin klambi putih kombor. Clanane ireng, ing gulune kalung sarung.

"Kenthese kayu kopi ana ing ngendi, Bu ?” takone karo milang miling sajak golek-golek.

Ibu leren anggone setrika. Sumaure : “Ing ngisor meja dawa, pak. Wengi iki wis teka giliran mubeng dhukuh maneh ta ?”

"Saiki rak malem Selasa Wage ! Mulane mengko gawea nyamikan, Bu. Tengah wengi mengko kanca-kanca dakajake mampir mrene”.

“Iya, pak. Wong uwi gembili ya ana wae kok !”

Pak Makmur banjur budhal. Jaga keamanan mubeng dhukun, nindakake jibanan siskamling. Sedhela maneh Suminar mapan turu, Ibu menyang pawon adang uwi. Ing njaba keprungu tlethik, sajake wiwit grimis.

Jam sepuluh olehe ibut ing pawon wis rampung. Ibune Suminar banjur mapan turu ing sisihe Andaru.

32