Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

potlot, gambare manut corek bathik sing dikarepake. Bisa bathik kawung, parang klithik, udan riris, sekar jagad lan liya-liyane.

Sawise dipola, banjur wiwit dicorek malam nganggo canthing bathik. Pagaweyan iki kudu tlaten, kudu sabar. Amarga ya nyorekake canthing iki sing dadi ala utawa apike bathikan. Yen coreke ala, dadine ya jarit bathik kasar. Yen coreke apik lan ngrawit, dadine ya jarit bathik sing alus.

Bu Nastiti karo bocah-bocah banjur diajak menyang panyelupan. Mori sing wis rampung dibathik malam banjur dicelup wedel. Iki kanggo warna sing ireng. Kanggo warna abang dicelup ing banyu soga.

"Punapa ingkang dipun damel wedel, Mak ?” takone Manik.

"Wedel kuwi sing dienggo uwit lan godhong tom, diwenehi enjet sethiihak. Banjur dicencem. Dene soga kuwi saka klonthokan kayu soga.”

Srengenge wis dhuiyun, Bu Nastiti karo bocah-bocah pamitan. Bu Titi nelakake banget panuwune marang Mak Sari. Kabeh banjur padha bali menyang sekolahan.



B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama.

  1. Ing ngendi omahe Mak Sari ?
  2. Sapa sing uluk salam ing latar ?
  3. Bu Titi karo bocah-bocah arep padha ndeleng apa ?
  4. Anggone mbathik ana ing omah ngendi ?
  5. Mak Sari nerangake carane nggarap apa ?
  6. Mori putih polos dijereng ing apa ?
  7. Yen olehe nyorekake canthing malam ngrawit dadine bathik kepriye ?
  8. Wedel kuwi sing digawe apa ?
  9. Kanggo rupa abang kudu dicelup ing banyu apa ?
  10. Geneya Bu Nastiti nelakake panuwun marang Mak Sari ?

II. Kawruh Basa. A. Wit-witan.

Aranana jenenge apa ?

18

18