Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 3

1. A. Wacan

MAK SARI


Dina Sabtu Bu Nastiti karo murid-murid kelas papat ninggalake sekolahan. Padha menyang omahe Mak Sari. Omahe Mak Sari cedhak kali gedhe.

"Kulanuwun, ” uluk salame Bu Nastiti satekane ing latar. Mak Sari sumaur karo mapagake tekane. Sajak gupuh lan grapyak. Bu Nastiti karo bocah-bocah diacarani mlebu omah.

"Wonten kersa punapa Bu Guru rawuh griya kula ?" takone Mak Sari.

"Badhe ningali Mak Sari nggarap sinjang bathik, Mak,” wangsulane Bu Nastiti.

Mak Sari sajak seneng banget. Bu Nastiti karo bocah-bocah diajak menyang omah mburi. Diterangake carane nggarap bathik. Wiwit saka mori putih polos, nganti dadi jarit.

Mori putih polos sajarik dijereng ing gawangan. Wiwitan digawe pola gambaran bathik sing arep digarap. Olehe nggambari nganggo

17