Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ndaru meneng.

"Ssst, aja padha padu dhewe. Rungokna, kae wis keprungu gong wiwit ngungkung ing lapangan. Pratandha karnaval wiwit budhal.”

Saka lapangan pancen keprungu suwara gong ngungkung.

Sawatara suwe maneh, ketara iring-iringan karnaval. Sing ana ing ngarep barisan gendhera gedhe-gedhe. Ing mburine, peleton drum band sing sandhangane mramong gumebyar. Ing mburine maneh, paradhe Bhineka Tunggal Ika. Wong-wong sing manganggo sandhangan adat dhaerah. Ana saka Aceh, Sulawesi, Irian, Bali, Minangkabau, Kalimantan, Maluku, Jawa, Sundha, Madura lan liya-liyane. Ing mburine maneh disusul jaranan sing caplokane tansah sesirig. Banjur tontonan maneka-warna gilir-gumanti baris ing mburine.

Sing disenengi Andaru ndeleng wong perang-perangan. Ana wong putih gedhe-dhuwur dibanda tangane. Tentarane padha bengok bengok : “Merdeka, Merdeka ! Ayo berjuang terus, Merdeka atau mati !”

Ngadhepake surup pak Makmur mulih, Bareng karo wong wong liyane. Amarga karnaval wis bubar.

"Mbesuk yen wis gedhe aku dadi tentara, Pak!” kandhane Andaru nalika tekan latar.

"Bagus Ndaru, nanging kudu sekolah dhisik sing pinter,” wangsulane pak Makmur.

Kabeh banjur padha mlebu ngomah, sawise Ibu mbukak lawang ngarep.



B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !

  1. Ing ngendi ana karnaval ?
  2. Sadurunge karnaval budhal padha ngumpul ing ngendi ?
  3. Geneya padha golek papan ing ngisor wit Waru ?
  4. Amarga apa tangane Ndaru tansah digondheli Bapak ?
  5. Gong muni ngungkung pratandhane apa ?
  6. Sing ana ngarep barisan apa ?
  7. Kepriye sandhangane peleton drumband ?
  8. Ing samburine paradhe Bhineka Tunggal Ika disusul apa ?
  9. Sing disenengi Ndaru ndeleng apa ?
  10. Andaru yen wis gedhe kepengin dadi apa ?

11